Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Keluaran 32 >> 

1Nalika bangsa Israèl ngerti yèn Musa suwé ora mandhap-mandhap saka ing gunung, banjur padha ngumpul sowan Harun, aturé, "Kita mboten sami sumerep kawontenanipun Musa, tiyang ingkang sampun ngirid kita medal saking tanah Mesir. Mila mangga kula panjenengan damelaken allah ingkang saged ngirid kita."

2Harun banjur ngandika marang wong-wong mau, "Anting-anting emas sing dienggo bojo lan anak-anakmu copoten lan gawanen mréné."

3Wong-wong mau banjur padha nyopot anting-antingé emas sing dienggo bojo lan anak-anaké diaturaké marang Harun.

4Harun nampèni anting-anting mau, dilebur lan diiling ing cithakan, dadi reca sapi. Bangsa mau padha ngucap, "Hé Israèl, iki allah kita sing ngirid kita metu saka ing tanah Mesir!"

5Harun banjur yasa mesbèh ing sangareping sapi emas mau lan ngandika, "Sésuk kita padha pésta kanggo ngurmati Allah."

6Ésuké, isih umun-umun, wong-wong Israèl padha nggawa kéwan kanggo kurban obongan lan kurban slametan. Wong-wong mau padha pésta gedhèn, mangan lan ngombé sarta seneng-seneng.

7Gusti Allah banjur ngandika marang Musa, "Énggal mudhuna, sebab bangsamu sing kokirid metu saka ing tanah Mesir kuwi wis padha gawé dosa lan nampik marang Aku.

8Wong-wong kuwi wis nyimpang saka dalan sing Daktedahaké. Wong-wong padha gawé sapi saka emas cor-coran, disembah sarta disajèni. Pangucapé wong-wong mau, ‘Yakuwi allah sing ngirid kita metu saka ing tanah Mesir.’

9Aku mirsa yèn wong-wong mau padha wangkot atiné.

10Saiki Aku aja kokpenggak. Aku duka marang wong-wong mau sarta bakal Daktumpes. Kowé sarta turunmu bakal Dakdadèkaké bangsa sing gedhé."

11Nanging Musa ngaturaké panyuwun marang Gusti Allah, aturé, "Gusti, kénging menapa Gusti dados duka sanget dhateng bangsa menika? Paduka sampun milujengaken bangsa menika saking Mesir kanthi pangwasa saha kekiyatan ingkang ageng!

12Menawi Paduka numpes tiyang-tiyang menika, tiyang Mesir badhé sami mungel bilih Gusti Allah sampun ngirid bangsa menika medal saking tanah Mesir, mergi badhé mejahi tiyang-tiyang menika ing paredèn sarta numpes tiyang-tiyang menika babar-pisan. Gusti sampun ngantos kelajeng duka, kersaa menggalih malih, sarta sampun ngantos ndhawahaken wewelak dhateng bangsa menika.

13Kersaa ènget dhateng leluhur kawula Abraham, Iskak lan Yakub. Kersaa ngèngeti bilih Paduka sampun janji kanthi supaos dhateng tiyang-tiyang menika, badhé maringi turun kathahipun kados lintang ing langit, mekaten ugi bilih tanah ingkang sampun Paduka janjèkaken menika badhé dados warisané turunipun ing selaminipun."

14Gusti Allah banjur ora nglajengaké kersané lan ora ndawahaké wewelak marang bangsa mau.

15Musa banjur mandhap saka ing gunung karo ngasta papan watu sing ditulisi dhawuh-dhawuhé Allah rong sisih.

16Gusti Allah piyambak sing damel papan watu mau sarta ngukir dhawuh-dhawuhé ing kono.

17Nalika mandhap, Yosua krungu wong-wong Israèl padha surak-surak, banjur matur marang Musa, "Kula mireng surak-suraking perang ing panggènan kémah."

18Pangandikané Musa, "Iku dudu suraké perang utawa panjerité wong kalah; kaé swarané wong menyanyi."

19Bareng Musa wis rada cedhak karo panggonan kémah mau, banjur pirsa sapi mas, déné wong-wong padha jejogèdan, mula Musa banjur muntab duka banget. Ana ing sikiling gunung kono papan watu sing diasta nuli dibanting temah pecah.

20Musa banjur mundut sapi gawéané wong-wong Israèl mau, nuli diejur-ejur nganti lembut, diudheg ing banyu, banjur dikon ngombè wong-wong Israèl.

21Pangucapé marang Harun, "Kowé dikapakaké déning wong-wong iku, kokkowé ngolèhaké wong-wong padha gawé dosa semono gedhéné?"

22Wangsulané Harun, "Sampun duka dhateng kula. Tiyang-tiyang menika adreng sanget enggènipun tumindak duraka.

23Sami wicanten mekaten, ‘Kita mboten sumerep kadospundi kawontenanipun Musa, tiyang ingkang sampun ngirid kita medal saking tanah Mesir; dados mangga kula panjenengan damelaken allah ingkang saged ngirid kita.’

24Kula lajeng akèn tiyang-tiyang menika masrahaken mas-masanipun dhateng kula. Anggèn-anggèn menika lajeng kula lebur dados lembu menika!"

25Musa pirsa yèn Harun sing ngeculaké bangsa Israèl kaya déné jaran kang mbedhal metu saka ing gedhogané, temah dadi poyokané para satruné.

26Musa banjur jumeneng ing sangarepé gapuraning palereban sarta ngandika klawan sora, "Saben wong sing ngabekti marang Allah majua mréné!" Klompok Lèwi banjur padha teka nyedhaki Musa.

27Pangandikané Musa marang wong-wong mau, "Gusti Allah dhawuh supaya kowé kabèh padha ngunusa pedhangmu, mlakua ngliwati kémah-kémah iki, wiwit saka gapura iki tekan ing gapura kana sarta matènana sedulur-sedulurmu, kanca-kancamu lan tangga-tanggamu."

28Klompok Lèwi nindakaké dhawuh mau lan ing dina kuwi kira-kira ana wong telung èwu sing dipatèni.

29Pangandikané Musa marang klompok Lèwi, "Wiwit dina iki kowé wis padha misungsungaké awakmu dhéwé lumadi marang Allah, srana enggonmu padha matèni anak-anakmu lanang lan sedulur-sedulurmu. Mulané Gusti Allah bakal mberkahi kowé kabèh."

30Ésuké Musa ngandika karo bangsa mau, "Kowé kabèh wis nglakoni dosa gedhé. Déné saiki aku arep munggah gunung menèh sarta sowan marang Allah; muga-muga kowé padha kaparingan pangapura."

31Musa banjur minggah menèh sowan ing ngarsané Allah lan matur, "Bangsa menika sampun nglampahi dosa ingkang ageng. Tiyang-tiyang menika sami damel allah mas, lajeng dipun sembah.

32Mugi Gusti kersa ngapunten dosanipun; menawi mboten, nama kawula mugi Paduka icali kémawon saking Kitab ingkang sampun Paduka serati nama-namanipun umat Paduka."

33Pangandikané Allah, "Wong-wong kang gawé dosa marang Aku iku jenengé bakal Dakbusak saka ing Kitab-Ku.

34Saiki lungaa, sarta wong-wong kuwi iriden menyang panggonan kang wis Dakdhawuhaké marang kowé. Élinga, yèn Malaékat-Ku bakal ngirid lakumu ana ing ngarep, nanging bakal tekan wektuné bangsa iki Dakukum merga saka dosa-dosané."

35Allah banjur ndhatengaké wewelak marang wong-wong Israèl kang padha meksa Harun gawé sapi mas mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Keluaran 32 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel