Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 24 >> 

1Bareng wis limang dina, Imam Agung Ananias teka bareng karo para pinituwané bangsa Yahudi lan pokrol, jenengé Tertulus, saka Kaisaréa. Wong-wong mau padha sowan marang Gubernur Félix lan ngaturaké gugatané.

2Bareng Rasul Paulus wis ngadhep, pokrol Tertulus banjur ngaturaké gugatané mengkéné: "Bapak gubernur ingkang minulya! Pangrèh panjenengan ingkang saèstu wicaksana sampun ndhatengaken karaharjan dhateng negari kawula; semanten ugi sampun kathah kemajengan-kemajenganipun.

3Wonten ing pundi kémawon kawula tansah mboten sami kesupèn ngaosi prekawis menika, sarta matur nuwun sanget dhateng panjenengan.

4Supados mboten kekathahen mbucal wekdal panjenengan, keparenga kula ngaturaken gugatan kawula ingkang cekak, wonten ing ngarsa panjenengan, mekaten:

5‘Kula sami ngyektosi, bilih tiyang menika nuwuhaken karuwedan ingkang mbebayani. Piyambakipun damelipun ngojok-ojoki tiyang kathah kapurih damel gègèr wonten ing antawisipun tiyang Yahudi lan wonten ing pundi-pundi. Tiyang menika dados pemimpinipun tiyang Kristen.

6Piyambakipun sampun damel najisipun Pedalemanipun Allah, mila lajeng sami kula cepeng. [Kawula sami ngrancang badhé ngadili piyambakipun manut Torètipun bangsa kawula.

7Nanging komandhan Lisias ngrebat tiyang menika saking tangan kawula sedaya,

8sarta dhawuh supados gugatan-gugatan tumrap tiyang menika kaaturna dhateng panjenengan.] Menawi panjenengan dangu, temtu panjenengan badhé pirsa saking tiyang menika piyambak, bilih sedaya gugatan kawula menika leres.’"

9Wong-wong Yahudi sing padha ana ing kono uga padha mèlu-mèlu nggugat Paulus, ringkesé mènèhi paseksi, yèn gugatané Tertulus mau kabèh bener.

10Gubernur nuli ngidini Rasul Paulus mangsuli gugatan-gugatan mau. Rasul Paulus nuli matur mengkéné: "Bapak gubernur ingkang minulya. Kawula mangertos, bilih panjenengan sampun mataun-taun ngasta hakim wonten ing ngriki, mila kalayan legawaning manah kawula badhé ngaturaken penjawab tumrap gugatan-gugatan menika, wonten ing ngarsa panjenengan.

11Panjenengan saged nitipriksa piyambak, bilih dhateng kawula wonten ing kitha Yérusalèm saperlu sembahyang menika saweg kalihwelas dinten.

12Tiyang-tiyang Yahudi menika dèrèng naté sami mergoki kawula bebantahan kaliyan sintena kémawon wonten ing Pedalemanipun Allah, utawi ngojok-ojoki tiyang kapurih brontak, dadosa wonten ing sinagogé-sinagogé, dadosa wonten ing papan pundi kémawon ing kitha ngriku.

13Tiyang-tiyang menika sami mboten saged nedahaken bukti-bukti tumrap pandakwanipun.

14Kawula ngakeni ing ngarsa panjenengan, bilih kawula menika pitados dhateng Gusti Allah, ingkang dipun bektèni déning para leluhur kawula, srana nganut ‘Piwulang Énggal’, ingkang sami dipun anggep lepat déning tiyang Yahudi. Nanging kawula inggih pitados dhateng sedaya ingkang kaserat wonten ing Torètipun Nabi Musa, tuwin ing kitab-kitabipun para nabi.

15Mboten béda kaliyan tiyang-tiyang menika, kawula inggih pitados dhateng Gusti Allah, ingkang prejanji, bilih sedaya tiyang mbénjing badhé katangèkaken saking pejah, inggih tiyang mursid, inggih tiyang awon!

16Pramila kawula ngudi sasaged-saged kawula, supados manah kawula salaminipun resik wonten ing ngarsanipun Gusti Allah tuwin ing ngajengipun manungsa.

17Sasampunipun kepara dangu kawula mboten wonten ing kitha Yérusalèm, kawula mrika kaliyan mbekta sumbangan kanggé bangsa kawula, ngiras badhé nyaosaken kurban.

18Inggih nalika kawula ngleresi nindakaken prekawis-prekawis menika, sasampunipun nindakaken upacara sesuci, tiyang-tiyang menika sami sumerep kawula wonten ing Pedalemanipun Allah. Wonten ing ngriku mboten wonten reresah menapa-menapa, malah nalika semanten ing ngriku mboten wonten tiyang kathah ingkang sesarengan kaliyan kawula.

19Kejawi tiyang Yahudi sawetawis saking tanah Asia. Malah sejatosipun inggih tiyang-tiyang menika ingkang mesthinipun ngadhep ing ngarsa panjenengan, semanten wau menawi tiyang-tiyang menika saèstu gadhah alesan kanggé nggugat kawula.

20Utawi kajengipun tiyang-tiyang menika mratélakaken kalepatan menapa ingkang pinanggih wonten ing kawula, nalika kawula dipun gugat wonten ing ngajengipun Pradataning Agami.

21Kejawi jalaran saprekawis, inggih menika margi kawula mungel: ‘Kula dipun adili margi enggèn kula pitados, bilih tiyang pejah badhé katangèkaken malih.’"

22Gubernur Félix, sing akèh kawruhé bab piwulang Kristen, nutup parepatan mau karo ngandika: "Prekara iki bakal dakputus, samangsa komandhan Lisias wis ana kéné."

23Félix nuli dhawuh marang perwira sing lagi tugas, supaya Rasul Paulus dijaga, karo diwènèhi kamerdikan sawetara, sarta ngidini para mitrané nyukupi kebutuhané.

24Let sawetara dina Gubernur Félix teka karo garwané, Drusila, wanita Yahudi, Félix dhawuh nimbali Rasul Paulus. Rasul Paulus nyritakaké bab kaprecayané marang Gusti Yésus.

25Nanging bareng Rasul Paulus mbacutaké sesorahé bab kelakuan lan bab panyegahé hawa-nepsu sarta pengadilan ing akir jaman, Félix banjur wedi sarta muni: "Wis mundura. Yèn ana wektu kowé daktimbali menèh."

26Sing mengkono kuwi merga Félix ngarep-arep, supaya olèh dhuwit sogokan saka Rasul Paulus. Kuwi sebabé Rasul Paulus kerep ditimbali lan diajak omong-omongan.

27Sawisé rong taun, Gubernur Félix nuli diganti déning Gubernur Pèrkius Féstus. Sarèhné kepéngin olèh atiné wong Yahudi mulané Rasul Paulus ditahan terus ana ing pakunjaran.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kisah Para Rasul 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel