Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Matius 6 >> 

1"Padha élinga! Aja padha nglakoni pangibadahmu kanggo paméran ana ing sangareping wong. Yèn kowé tumindak mengkono, kowé ora bakal nampani ganjaran saka Ramamu ing swarga.

2Mulané yèn kowé padha dedana, aja kokwartak-wartakaké kaya sing ditindakaké déning wong lamis. Wong lamis lumrahé nindakaké sing mengkono mau ana ing papan-papan pangibadah lan ing dalan-dalan gedhé, pamrihé supaya dialem déning wong. Élinga, wong-wong sing kaya ngono kuwi wis padha olèh piwalesé penggawéné.

3Nanging tumrap kowé, yèn kowé dedana, aja nganti wong liya padha ngerti enggonmu wèwèh,

4supaya aja ana wong siji waé ngerti enggonmu dedana. Ramamu ing swarga pirsa penggawému sing ora diweruhi déning wong; lan Panjenengané bakal paring piwales marang kowé."

5"Yèn kowé ndedonga, aja kaya wong lamis. Wong lamis lumrahé padha ndedonga karo ngadeg ing papan-papan pangibadah lan ana ing pinggir dalan, pamrihé supaya katon ing wong. Élinga, wong sing mengkono mau wis padha nampani opahé.

6Nanging kowé yèn ndedonga, mlebua ing kamar, lan kancingen lawangé, banjur ndedongaa marang Ramamu sing ora katon. Panjenengané pirsa apa sing koktindakaké, senajan wong liya ora padha weruh. Ramamu bakal maringi ganjaran marang kowé.

7Yèn kowé ndedonga, aja kedawan kaya adaté wong sing ora wanuh karo Gusti Allah. Wong mau padha ngira yèn Gusti Allah mirengaké pandongané, merga pandongané dawa.

8Aja padha niru sing kaya ngono kuwi. Ramamu wis pirsa apa sing kokbutuhaké, sadurungé kowé nyuwun.

9Mulané ndedongaa mengkéné: ‘Rama kawula ingkang wonten ing swarga: Asma Paduka ingkang suci mugi dipun urmati déning sedaya tiyang.

10Kraton Paduka mugi dipun èstokaken déning sedaya tumitah ing salumahing bumi, kados déné pangrèh wau wonten ing swarga inggih dipun èstokaken déning para malaékat.

11Mugi kawula Paduka paringi rejeki ing dinten menika.

12Kalepatan kawula mugi Paduka apunten, kados déné kawula inggih ngapunten tiyang-tiyang ingkang sami damel kalepatan dhateng kawula.

13Kawula mugi sampun ngantos Paduka tégakaken kénging ing godha, nanging mugi Paduka uwalaken saking piawon. [Awit Paduka menika ingkang ngerèh samukawis, ingkang kagungan pangwaos saha Ratu ingkang mulya ing selaminipun. Amin.]’

14Yèn kowé ngapura wong sing keluputan marang kowé, Ramamu ing swarga iya bakal ngapura keluputanmu.

15Nanging menawa kowé ora ngapura keluputané wong liya, Ramamu ing swarga iya ora bakal ngapura keluputanmu."

16"Yèn kowé padha pasa, ulatmu aja kokgawé suntrut kaya carané wong lamis. Wong-wong mau ulaté digawé-gawé katon lesu, supaya wong kabèh padha ngerti yèn dhèwèké lagi pasa. Élinga, wong sing mengkono kuwi wis padha nampa piwales ing samesthiné.

17Nanging kowé, yèn pasa, raupa lan rambutmu jungkatana,

18supaya ora ana wong sing ngerti yèn kowé lagi pasa. Preluné mung Ramamu ing swarga sing ora katon, kuwi waé sing pirsa apa sing koklakoni, senajan wong liya ora ana sing weruh. Lan Panjenengané bakal maringi piwalesé marang kowé."

19"Aja padha nglumpukaké bandha ana ing donya. Awit bandha donya kuwi bisa rusak déning rayap lan renget, lan kena dicolong maling.

20Nanging padha nglumpukna bandha ana ing swarga. Awit ing swarga ora ana rayap lan renget sing bisa ngrusak bandha mau, lan maling iya ora bisa mbabah lan nyolong.

21Awit ing ngendi dunungé bandhamu, iya ana ing kono dunungé atimu."

22"Mripat kuwi kaya déné lampu tumraping badan. Yèn mripatmu waras, badanmu sekojur iya dadi padhang.

23Nanging yèn mripatmu cacad, badanmu sekojur iya dadi peteng. Dadi yèn lampu sing ana ing badanmu kuwi dadi peteng, méndah kaya apa petengé."

24"Ora ana wong sing bisa ngrangkep ngawula bendara loro. Sebab wong mau bakal sengit marang bendara sing siji lan nresnani marang bendara sijiné. Utawa bakal setya marang bendara sing siji lan nyepèlèkaké bendara liyané. Semono uga kowé. Kowé ora bisa ngawula marang Gusti Allah lan uga ngawula marang Mamon.

25Mulané élinga! Aja padha nyumelangaké bab panguripanmu, yakuwi bab apa sing bakal kokpangan utawa kokombé, utawa apa sing bakal kokenggo. Apa urip kuwi ora luwih aji ketimbang karo pangan, lan badan apa ora luwih aji ketimbang karo sandhangan?

26Coba delengen, manuk-manuk sing padha mabur mrana-mréné, kaé rak ora nyebar wiji, ora ngundhuh, lan uga ora nyimpen panènané ana ing lumbung. Éwasemono Ramamu ing swarga ngopèni manuk-manuk mau! Apa kowé ora luwih aji ketimbang karo manuk-manuk kuwi?

27Sapa panunggalanmu sing bisa nyambung uripé merga sumelang?

28Mengkono menèh yagéné kowé padha nyumelangaké bab sandhanganmu? Coba delengen, kembang-kembang sing padha thukul dhéwé ana ing ara-ara. Kembang-kembang kuwi rak padha ora nyambut-gawé lan padha ora nenun.

29Nanging delengen, senajan Sang Prabu Suléman sing sugihé kaya ngana, éndahing agemané ora kaya kembang-kembang kuwi!

30Yèn selaginé suket ing ara-ara sing dina iki tuwuh sarta sésuk wis dibuwang lan diobong waé direngga semono éndahé déning Gusti Allah, apa menèh kowé! Dhasaré kowé kuwi cupet ing pengandel.

31Aja padha kuwatir lan muni: ‘Sing padha dakpangan mengko apa? Utawa sing padha dakombé mengko apa, utawa sing padha dakenggo apa?’

32Sing padha ngudi barang-barang mengkono kuwi rak wong-wong sing padha ora wanuh karo Gusti Allah. Ramamu ing swarga rak wis pirsa yèn barang-barang mau kabèh kokbutuhaké.

33Mulané sing luwih dhisik kudu kokudi yakuwi, kepriyé enggonmu bisa mbangun-turut marang pepakon-pepakoné Gusti Allah, kaya déné umat ana ing Kratoné. Yèn kowé wis bisa mrelokaké prekara kuwi, samubarang kabèh uga bakal diparingaké marang kowé.

34Mulané, aja padha kuwatir bab dina sésuk, awit dina sésuk ana karépotané dhéwé. Ngrasakaké karépotané dina saiki waé wis abot, aja ditambahi karépotané dina sésuk."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Matius 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel