Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mikha 3 >> 

1Hé para penggedhéné Israèl, rungokna! Kowé kuduné nggatèkaké keadilan.

2Éwasemono kowé padha sengit marang kabecikan lan tresna marang piala. Umat-Ku padha kokkelèti kulité lan dagingé kokbesèti saka balungé.

3Umat-Ku padha kokpangan. Kulité padha kokbesèt, balungé koktugel-tugel, nuli kokiris-iris kaya daging sing koklebokaké ing kwali.

4Bakal tekan mangsané kowé padha sambat-sambat marang Pangéran, nanging ora diwangsuli. Panjenengané bakal ora miyarsakaké marang pandongamu, merga kowé wis padha nglakoni piala.

5Umat-Ku padha disasaraké déning nabi-nabi sing njanjèkaké katentreman marang wong sing ngopahi, lan ngancam perang karo wong sing ora ngopahi. Marang nabi-nabi sing mengkono mau Pangéran ngandika,

6"Hé para nabi, riwayatmu wis mèh tamat. Srengéngéné wis angslup kanggoné kowé. Merga kowé wis padha nasaraké umat-Ku. Kowé wis ora bakal nampa wahyu menèh, lan ora bisa medharaké apa-apa."

7Wong sing ngramal apa sing bakal kelakon, bakal padha kisinan merga ramalané ora kelakon. Mulané nabi-nabi mau bakal kaasoraké, merga Gusti Allah ora kersa paring wangsulan marang wong mau.

8Nanging mungguh ing aku, Pangéran wis ngebaki aku srana Roh lan pangwasané lan maringi aku rasa keadilan lan kekendelan melèhaké wong Israèl bab dosa-dosané.

9Padha ngrungokna tembungku, hé para penggedhéné umat Israèl, ya kowé sing padha sengit karo keadilan lan nggawé barang lenceng dadi béngkong.

10Kowé mbangun Yérusalèm, kuthané Allah, kokdhasari pepati lan panganiaya.

11Para penggedhé enggoné ngerèh rakyat supaya olèh beselan. Mengkono uga para imam padha mulang bab Torèt merga dibayar. Para nabi padha medhar wangsit merga nampa dhuwit. Lan wong kabèh padha ngaku yèn Gusti Allah nunggil karo wong mau. Padha muni, "Kita ora bakal kena paukuman, merga Allah nunggil karo kita."

12Mulané, ya merga saka kowé, Sion bakal diluku kaya tegalan lan Yérusalèm didadèkaké jugrugan, sarta Pedalemané Allah bakal dadi alas.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mikha 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel