Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 1 >> 

1Begja wong sing lakuné ora kaya sing dipéngini déning wong ala, lan ora niru lakuné wong dosa sarta ora sesrawungan karo wong sing dhemen memoyok,

2nanging sing seneng nglakoni angger-anggeré Gusti Allah lan dirasak-rasakaké rina wengi.

3Wong mau kaya wit, sing ditandur ana ing pinggir kali, sing tansah awoh manut mangsané, lan godhongé ora tau gogrog; apa waé sing ditandangi mesthi olèh gawé.

4Nanging wong ala lelakoné ora kaya mengkono; kaya mrambut sing kabur ing angin.

5Mulané wong ala bakal diukum déning Allah, mengkono uga wong sing nerak dhawuh-dhawuhé Pangéran, ora gelem sesrawungan karo wong mursid.

6Lakuné wong mursid dituntun lan diayomi déning Allah, nanging lakuné wong ala anjog ing karusakan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel