Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 109 >> 

1Masmur anggitané Dawud. Kanggo pemimpin penyanyi. Dhuh Allah pepujan kawula, Paduka mugi sampun kèndel kémawon.

2Tiyang duraka lan tiyang goroh sami moyoki kawula, lan sami criyos dora dhateng kawula.

3Sami ngawon-awon kawula mergi saking sengit, lan sami mengsahi kawula tanpa sebab.

4Katresnan kawula dipun wales mawi pendakwa, senajan tansah sami kawula dongakaken.

5Kasaénan kawula dipun wales piawon, saha katresnan kawula dipun lintoni sengit.

6Tiyang menika dipun adilana déning hakim ingkang duraka, lan kagugata déning mengsahipun.

7Samasa dipun adili katetepna kalepatanipun, saha pandonganipun kaanggepa dosa.

8Umuripun kacelakna, kalenggahanipun kaparingna dhateng tiyang sanès.

9Anak-anakipun dadosa lola, tuwin sémahipun dadosa randha.

10Anak-anakipun sami nglambranga pepriman, katundhunga saking griyanipun ingkang bibrah.

11Tiyang-tiyang ingkang nyambuti tiyang menika sami mendhetana sedaya gadhahanipun, sarta tiyang sanès sami njaraha hasiling pedamelanipun.

12Tiyang menika sampun ngantos manggih piwelasipun tiyang, lan sampun ngantos wonten tiyang ingkang tresna dhateng anak-anakipun ingkang dados lola.

13Anak-anakipun sami tumpesa, tuwin namanipun kasirnakna dumugi turun kaping kalih.

14Piawoning para leluhuripun kaèngetana wonten ing ngarsanipun Allah, sarta dosaning biyungipun sampun ngantos kalebur.

15Menika mugi tansah dipun émut-émut déning Allah, sarta sedaya ingkang wonten sesambetanipun kaliyan piyambakipun kasupèkna wonten ing bumi.

16Sebab tiyang menika mboten naté damel kesaénan, malah ngoyak-oyak dhateng tiyang sangsara. Tiyang miskin sarta tiyang ingkang pepes manahipun badhé dipun pejahi.

17Sarèhné remen ngucapaken ipat-ipat, mila mugi ketamanana ipat-ipatipun piyambak. Margi mboten remen berkah, mila berkah inggih tebiha saking piyambakipun.

18Ipat-ipat dipun anggéa kados rasukan, sarta rumasuka ing badanipun kados toya, lan kados lisah ing balungipun.

19Ipat-ipat wau dadosa kados sinjang ingkang dipun kemulaken, lan kados sabuk ingkang kanggé ningseti penganggénipun.

20Kadosa mekaten Allah enggènipun ngganjar tiyang ingkang sami nglawan kawula, sarta ingkang wicantenipun awon dhateng kawula.

21Nanging menggah kawula dhuh Pangéran, mugi Paduka ganjar kesaénan krana asma Paduka, mugi kawula kapitulungana, margi Paduka menika loma, asih lan setya.

22Kawula tiyang kesrakat lan mlarat, sarta manah kawula sakit sanget.

23Kawula presasat ayang-ayang ing wanci sonten, mboten dangu malih badhé sirna, kawula badhé katut ing angin kados walang.

24Dhengkul kawula sléyat-sléyot, mergi saking enggèn kawula pasa, sarta badan kawula kera, telas gajihipun.

25Mila kawula tansah dipun gegujeng déning tiyang menika, saben ningali kawula sami gèdhèg-gèdhèg.

26Dhuh Pangéran, Allah kawula, kawula mugi Paduka pitulungi, mugi Paduka luwari krana saking sih-kasetyan Paduka.

27Dhuh Allah, supados tiyang wau sami sumerepa, bilih Paduka ingkang nindakaken menika, inggih Paduka piyambak.

28Kajengipun sami ngipat-ipati, nanging Paduka mugi mberkahi. Kajengipun ingkang nguya-uya kawula kwirangan, nanging kawula abdi Paduka sageda bingah.

29Tiyang-tiyang ingkang sami nglawan dhateng kawula samia kisinan, lan sami kasandhangana kwirangan kados déné jubah.

30Aku bakal saos puji sokur marang Allah nganggo swara kang sora. Panjenengané bakal dakluhuraké ana ing pakumpulané umaté.

31Merga Panjenengané wis mbélani wong miskin, lan ngluwari saka wong-wong sing nibakaké paukuman pati marang wong-wong mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 109 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel