Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 116 >> 

1Aku tresna marang Allah, merga Panjenengané miyarsakaké pandongaku.

2Panjenengané nyembadani panyuwunku, saben aku ndedonga marang Panjenengané.

3Aku dikubengi lan diserang déning bebaya pati, sarta ngalami karubedan lan kasusahan.

4Aku banjur ndedonga marang Allah, "Dhuh Allah, Paduka mugi ngluwari!"

5Allah iku mahasetya lan saé penggalihé, Allah kita ambek welasan.

6Panjenengané ngayomi wong sing presaja. Samasa aku apes, Panjenengané banjur mitulungi aku.

7Dhuh nyawaku, puliha tentrem menèh, sebab Allah wis damel saé marang kowé.

8Allah wis ngluwari aku saka ing pati, wis nyegah luh metu saka mripatku, lan nahan sikilku saka sesandhungan.

9Mulané salakuku bakal ana ing ngarsané Allah, iya selawasé aku urip ana ing donya.

10Pengandelku tetep, senajan aku ngucap, "Aku kasiksa banget."

11Utawa saka wediku muni, "Manungsa kabèh tukang ngapusi."

12Apa sing kena dakenggo males Pangéran, merga kabecikané marang aku?

13Aku arep nyaosaké kurban unjukan marang Allah, minangka saos panuwun anggoné wis mitulungi aku.

14Aku arep ngluwari kaulku marang Allah ana ing kumpulané umaté.

15Patiné wong sing dikasihi kuwi gedhé pengajiné ana ing ngarsané Allah.

16Dhuh Allah, kawula menika abdi Paduka, kawula ngabdi dhateng Paduka, sami kados biyung kawula anggènipun ngabdi dhateng Paduka. Paduka sampun ngluwari kawula saking bebaya pejah.

17Kawula badhé nyaosaken kurban pamuji dhateng Paduka, sarta kurbaning pandonga kawula.

18Dakluwari ujarku marang Allah ana ing ngarepé kumpulané umaté,

19ana ing platarané Pedalemané Allah, ana ing tengah kutha Yérusalèm. Haléluya!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 116 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel