Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 145 >> 

1Kidung anggitané Dawud. Kawula badhé ngluhuraken asma Paduka, dhuh Allah kawula, Ratu kawula. Kawula badhé memuji asma Paduka ing selaminipun.

2Saben dinten kawula badhé memuji Paduka, asma Paduka badhé kawula luhuraken ing selaminipun.

3Allah menika Mahaagung, sarta sanget pinuji-puji, kaluhuranipun menika mboten saged dipun jajagi.

4Saben turunan badhé nyuwuraken pakaryan Paduka, lan badhé nyariyosaken pangwasa Paduka.

5Kawula badhé ngidungaken kamulyan lan kawibawan Paduka, lan badhé ngraos-ngraosaken pakaryan paduka ingkang élok.

6Tiyang kathah sami badhé mratélakaken pakaryaning pangwasa Paduka ingkang nggegirisi, saha kawula badhé nyariyosaken agunging kamulyan Paduka.

7Tiyang badhé sami nyariyosaken kasaénan Paduka, sarta surak-surak memuji kaleresan Paduka.

8Allah menika Mahaasih lan Mahawelas, kelangkung sabar lan sih-piwelasipun.

9Allah menika loma dhateng sedaya tiyang, lan kebak sih-rahmat dhateng sedaya titahipun.

10Dhuh Allah, sawernining pakaryan Paduka sami ngalembana dhateng Paduka, lan para kekasih Paduka badhé sami memuji dhateng Paduka.

11Sami badhé nyuwuraken kamulyaning kraton Paduka, sarta nyariyosaken pangwasa Paduka,

12supados anak-turunipun manungsa sami kasumerepna dhateng pakaryan Paduka ingkang kebak pangwaos, sarta kamulyaning kraton Paduka.

13Kraton Paduka menika tanpa wiwitan lan tanpa wekasan. Paduka jumeneng raja ing selami-laminipun. Allah menika setya dhateng sedaya janjinipun, sarta sedaya pendamelipun leres.

14Tiyang ingkang ngalami ngrekaos dipun pitulungi, ingkang dhawah dipun tangèkaken.

15Sakathahing mripat sami tumenga ngajeng-ajeng dhateng Paduka, lajeng sami Paduka paringi tedha ing wancinipun.

16Sedaya Paduka paringi cekap, sarta Paduka tuwuki ing sakabetahanipun.

17Sakèhé pangrèhé Allah iku bener, lan sakèhé penggawéné kebak sih-kasetyan.

18Gusti Allah celak karo sakèhé wong kang nyebut asmané, lan kang nyebut asmané kalayan tumemen.

19Wong kang padha ngabekti marang Panjenengané padha dijurungi apa kekarepané, pesambaté dipiyarsakaké, sarta dipitulungi.

20Allah ngreksa marang sakèhé wong kang tresna marang Panjenengané, nanging sakèhé wong duraka padha ditumpes.

21Lambéku bakal nglairaké pujiné Allah, sarta sakèhé tumitah bakal memuji asmané kang suci selawas-lawasé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 145 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel