Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 2 >> 

1Yagéné bangsa-bangsa padha mbrontak, lan padha ngangen-angen prekara-prekara sing tanpa guna?

2Para raja padha siaga lan para penggedhé padha sarujuk nglawan marang Gusti Allah lan Sang Prabu sing ditetepaké déning Allah.

3Tembungé, "Ayo padha medhot ranté-ranténé lan mbuwang tali sing dienggo mbanda kita!"

4Panjenengané kang pinarak ing swarga gumujeng; sarta moyoki marang wong-wong mau.

5Pangandikané karo duka, nganti padha giris merga paukumané,

6"Aku dhéwé kang wis njumenengaké Raja, kang katetepaké ana ing Sion, ing gunung-Ku kang suci!"

7Aku daknyritakaké keputusané Allah; Pangandikané marang aku, "Kowé iku putra-Ku! Ing dina iki Aku iki Bapakmu.

8Nyuwuna marang Aku, temah bangsa-bangsa mau bakal Dakparingaké dadi duwèkmu, lan salumahing bumi dadi darbèkmu.

9Padha remuken nganggo teken wesi, ejuren kaya grabah."

10Mulané, hé para raja, padha tumindaka kalawan wicaksana. Hé para hakim ing bumi, padha gelema diélingaké!

11Padha ngabektia marang Allah kalawan ajrih asih, lan padha sujuda ing ngarsané kalawan gemeter,

12supaya Panjenengané ora duka, lan kowé ditumpes sanalika, sebab paukumané énggal ngambra-ambra. Begja sakèhé wong sing ngungsi marang Panjenengané!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel