Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 29 >> 

1Masmur anggitané Dawud. Hé para titah sing ana ing swarga, Allah, ya Allah piyambak, luhurna kamulyané lan pangwasané!

2Asmané Allah kang mulya kuwi luhurna; padha sujuda ing ngarsané karo nganggo sandhangan suci!

3Swarané Allah keprungu ing sandhuwuré samodra, Allah kang mulya nganakaké gludhug.

4Swarané Allah isi kekuwatan, swarané Allah agung.

5Ngrubuhaké wit èrès, wit èrès ing Libanon padha dirubuhaké.

6Gunung Libanon didadèkaké mlumpat-mlumpat kaya pedhèt, lan Gunung Siryon kaya gudèl.

7Swarané Allah ngetokaké geni nyembur-nyembur.

8Swarané Allah ngoregaké ara-ara samun, ngoregaké ara-ara Kadèsy.

9Swarané Allah ndadèkaké menjangan padha manak sarta mbrindhilaké alas gedhé. Ing Pedalemané wong kabèh padha muni, "Kamulyakna!"

10Allah pinarak ing sandhuwuré banjir, Allah jumeneng Raja ing selawasé.

11Allah kersa paring kekuwatan marang umaté, Allah kersa mberkahi umaté wujud katentreman!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 29 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel