1(36-1) Anggitané Dawud, abdiné Allah, kanggo pemimpin penyanyi. (36-2) Sajroning atiné wong duraka ana gagasan ala, wong mau nampik Allah lan ora wedi karo Panjenengané.
2(36-3) Wong mau nganggep awaké dhéwé sing utama, rumangsané Allah ora pirsa dosané, lan ora ngukum dosa mau.
3(36-4) Tembungé kebak piala lan goroh, ora duwé budi lan ora nglakoni kabecikan.
4(36-5) Ana ing peturoné ngrancang gawé rusak, sing dilakoni mung piala waé, ora ana piala sing ditampik.
5(36-6) Dhuh Allah, sih Paduka sundhul ing langit, kasetyan Paduka sundhul ing méga.
6(36-7) Kaleresan Paduka menika inggilipun kados redi, keadilan Paduka kados samodra. Manungsa lan kéwan Paduka ingkang ngrimati, dhuh Allah.
7(36-8) Iba éndahipun sih-kasetyan Paduka, dhuh Allah. Para manungsa sami ngungsi wonten ing sangandhaping swiwi Paduka.
8(36-9) Sami nedha tuwuk saking tetedhan ingkang Paduka cawisaken kalayan lubèr. Paduka paringi ngombé saking lèpèning kasaénan Paduka.
9(36-10) Paduka menika etuking sawernining gesang, lan margi saking pepadhang Paduka, kawula sumerep pepadhang.
10(36-11) Sih-kasetyan Paduka mugi lestantun kalubèraken dhateng tiyang-tiyang ingkang sami pitados dhateng Paduka. sarta keadilan Paduka dhateng tiyang ingkang manahipun temen.
11(36-12) Kawula sampun ngantos kaidak-idak déning sukunipun tiyang angkuh, utawi sampun ngantos kacepeng ing tanganipun tiyang awon.
12(36-13) Lah, para tiyang duraka sami dhawah, sami gemléthak lan mboten saged tangi malih.