Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 45 >> 

1(45-1) Kidung piwulang, kidung katresnan anggitané bani Korakh, kanggo pemimpin penyanyi. Kaya laguné kidung: Kembang bakung. (45-2) Tembung kang éndah ngresepaké mbludag saka ing njeroné atiku, samangsa aku ngarang kekidungan kagem Sang Prabu. Kaya piranti nulisé juru ngarang, iya mengkono ilatku wis cemepak nganggit nyanyian.

2(45-3) Panjenengan menika ingkang bagus piyambak ing antawisipun para manungsa. Panjenengan menika ahli wicara, mila binerkahana déning Allah ing selaminipun.

3(45-4) Dhuh Sang Prawira, ingkang agung lan mulya, sumangga ngagem ageman pedhang panjenengan.

4(45-5) Mugi miyos murih menang, mbélani kaleresan, kamanungsan lan keadilan! Kekiyatan panjenengan badhé mikantukaken kamenangan ageng.

5(45-6) Jemparing panjenengan landhep-landhep, mesthi badhé nunjem ing jantungipun mengsah panjenengan. Bangsa-bangsa badhé sumungkem ing ngarsa panjenengan.

6(45-7) Dhampar panjenengan menika kagunganipun Allah, mesthi badhé lestantun ing selaminipun, lan pepréntahan panjenengan menika wujuding keadilan.

7(45-8) Panjenengan remen dhateng kaleresan, pramila mboten remen dhateng pendamel awon. Gusti Allah, inggih Allah panjenengan, sampun netepaken panjenengan mawi lisah, minangka pretandha enggènipun paring kabegjan dhateng panjenengan, ngungkuli raja sanès-sanèsipun.

8(45-9) Ageman panjenengan sedaya ngganda aruming blendok mur, gaharu lan cendhana. Para penyanyi damel bingahing penggalih panjenengan wonten ing kedhaton gadhing, kairing swantening clempung.

9(45-10) Para putrining raja-raja sami tumut makempal wonten ing kedhaton panjenengan, tuwin ing sisih tengené dhampar panjenengan jumeneng Sang Pramèswari, ngagem ageman saking emas murni.

10(45-11) Dhuh Sang Putri, kula aturi mirsani lan miyarsakaken, mugi sampun ngèngeti bangsa lan sanak-sedhèrèk panjenengan malih.

11(45-12) Supados Sang Prabu kesengsem dhateng éndahing sarira panjenengan, sebab Sang Prabu menika bendara panjenengan; mila sumuyuda dhateng panjenenganipun.

12(45-13) Bangsa Tirus badhé sowan nyaosaken pisungsung, para tiyang badhé ngangkah supados pikantuk sih panjenengan.

13(45-14) Sang Raja Putri ing kedhaton, iba éndahipun, pengagemanipun kasulam benang emas.

14(45-15) Panjenengané kasowanaké ing ngarsané Sang Prabu, ngagem ageman sing disulam mancawarna. Kadhèrèkaké déning para putri mitra-mitrané, kang kacawisaké supaya ngiring panjenengané.

15(45-16) Kalawan giyak-giyak lan kabungahan padha diarak mlebu ing kedhatoné Sang Prabu.

16(45-17) Dhuh Sang Prabu, para putra panjenengan lajeng badhé nggentosi para leluhur panjenengan, badhé sami panjenengan angkat dados pengageng wonten ing salumahing bumi.

17(45-18) Kawula badhé nyuwuraken asma panjenengan turun-temurun, mila sakathahing para umat badhé memuji dhateng panjenengan ing selami-laminipun.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 45 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel