1(48-1) Masmur anggitané bani Korakh. (48-2) Allah iku Mahaagung lan pinuji-puji ana ing kuthané Allah kita, ing gunungé kang suci.
2(48-3) Gunungé Sion kang suci kuwi dhuwur lan éndah lan nekakaké kabungahan marang salumahé bumi. Gunung Sion prenahé ing sisih loré kuthané Sang Prabu Kang Mahaagung.
3(48-4) Allah nedahaké yèn Panjenengané iku bètèng kang sentosa.
4(48-5) Para raja padha nglumpuk, padha maju bebarengan arep nyerang Gunung Sion.
5(48-6) Bareng ningali kutha mau padha gumun, kagèt lan padha mlayu merga bingung.
6(48-7) Ana ing kono padha dadi giris, padha ngrasakaké lara kaya larané wong wadon sing nglarani.
7(48-8) Paduka ngremuki baita-baita saking Tarsis srana prahara saking Wétan.
8(48-9) Kaya crita sing tau dakrungu, iya kaya mengkono uga kang kita deleng; ana ing negarané Allah, kang nitahaké langit lan bumi. Ing negarané Allah kita, Panjenengané sing ngreksa kutha mau, langgeng selawasé.
9(48-10) Dhuh Allah, wonten ing Pedaleman Paduka kawula sami ngènget-ènget sih-kasetyan Paduka.
10(48-11) Dhuh Allah, sami kados asma Paduka, mekaten ugi kesuwur Paduka kawentar ing pungkasaning bumi, bilih pangrèh Paduka menika adil!
11(48-12) Tiyang-tiyang ing Sion sami bingaha. Putusan Paduka menika adil. Tiyang-tiyang ing Yéhuda sami bingah-bingaha.
12(48-13) Hé umaté Allah, padha mlakua ngubengi Sion lan ngétunga menarané.
13(48-14) Padha sawangen bètèngé, lan tamatna kedhatoné, supaya kowé bisa nyritakaké marang anak-putumu,
14(48-15) "Sanyata Allah kuwi Allah kita, langgeng selawasé. Panjenengané bakal ngirid kita saterusé!"