Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 94 >> 

1Dhuh Allah ingkang ndhawahaken piwales, inggih Allah ingkang males piawon; mugi rawuh.

2Dhuh Hakimipun salumahing bumi, mugi kersa jumeneng, mugi ndawahaken pemales dhateng tiyang angkuh.

3Ngantos pinten laminipun, dhuh Allah, ngantos pinten dangunipun tiyang duraka sami bingah-bingah?

4Sarta wicanten kalayan deksura, sarta tiyang ingkang nglampahi piawon tansah gemunggung?

5Dhuh Allah, umat Paduka sami dipun iles-iles, bangsa kagungan Paduka dipun aniaya.

6Randha lan tiyang ngamanca sami dipun pejahi, laré lola sami dipun tindhes.

7Kalayan criyos mekaten, "Allah ora pirsa lan Allahé Yakub ora menggalih."

8Hé bangsaku, koksemono asoring budimu! Pira lawasé anggonmu bakal dadi pinter?

9Allah kang yasa kuping, apa ora miyarsa, kang nitahaké mripat, apa ora pirsa?

10Allah kang ngajar para umat, apa ora bakal ndhawahaké paukuman? Panjenengané kang dadi guruné para manungsa, apa Panjenengané ora kagungan kawruh?

11Allah pirsa atiné manungsa, Panjenengané pirsa yèn sing dipikir manungsa kuwi ora teges.

12Dhuh Allah, iba begjanipun tiyang ingkang Paduka welèhaken, ingkang Paduka wulang Torèt,

13supados sami ayem ing salebetipun nandhang karibedan, ngantos dumugi tiyang duraka kakubur.

14Gusti Allah ora négakaké umaté, lan ora nilar marang bangsa kagungané.

15Keadilan bakal dibalèkaké menèh, lan bakal diturut déning sakèhé wong sing atiné temen.

16Sapa sing ngréwangi aku nglawan wong sing nganiaya? Sapa sing mbantu aku nglawan wong sing nglakoni piala?

17Yèn ajaa dipitulungi déning Allah, aku wis mati.

18Nalika tuwuh gagasan kawula, "Aku arep tiba," sih-kasetyan Paduka, dhuh Allah, lajeng nyanggi kawula.

19Menawi manah kawula was-was lan kuwatos, Paduka nglipur lan nglejaraken manah kawula.

20Paduka mboten nunggil kaliyan hakim ingkang murang susila, ingkang ndhoyongaken pengadilan,

21ingkang sami sarujuk ndhatengaken bilai dhateng tiyang mursid, lan ngukum pejah tiyang ingkang mboten lepat.

22Nanging Allah mbélani aku, Panjenengané dadi bètèngku kang sentosa.

23Panjenengané bakal malesaké piala kang padha dilakoni, lan bakal nyirnakaké wong-wong mau merga saka penggawéné dhéwé sing ora becik. Pangéran Allah kita bakal numpes wong-wong mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 94 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel