Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Nahum 1 >> 

1Iki pangandikané Pangéran bab Ninewé, sing kawangsitaké marang Nabi Nahum, wong Èlkosy.

2Pangéran Allah kuwi ora kersa ditandhingi; sapa sing nglawan Panjenengané mesthi diukum, sarta diwales srana paukumané.

3Gusti Allah ora gampang duka, nanging mahakwasa lan wong sing kaluputan ora bakal bébas saka ing paukuman. Samasa Pangéran miyos, ing kono bakal ana prahara; mendhung, kuwi lebuning sampéyané!

4Atas saka dhawuhé, segara dadi garing! Kali-kali dadi asat, pangonan-pangonan ing Basan padha alum. Gunung Karmèl rupané dadi soklat, lan kembang-kembang ing Libanon dadi alum.

5Lindhu ing pegunungan kuwi nélakaké yèn Pangéran ana ing kono; punthuk-punthuk padha lèlèh ing ngarsané. Buminé geter samasa Pangéran rawuh ing kono; bumi sarta sakèhé wong sing manggon ing kono padha ketaman ing giris.

6Yèn Pangéran duka, sapa sing bisa lestari urip? Sapa sing tahan nadhahi bebenduné sing nggegirisi? Paukumané sing mulad-mulad diesokaké, gunung karang nganti padha jugrug.

7Pangéran kuwi becik, asih lan welasan; wong mursid padha direksa ing mangsa karubedan; wong sing mratobat lan bali menyang Panjenengané padha digematèni.

8Para mungsuhé ditumpes tapis kaya kéntir ing banjir bandhang. Wong sing nglawan Panjenengané dijabut nyawané.

9Apa kowé ngrancang nindakaké piala marang Pangéran? Kowé bakal ditumpes déning Panjenengané! Ora ana wong sing nglawan Panjenengané senajan mung sepisan, isih lestari urip.

10Kaya eri bebundhetan lan damèn garing, mengkono enggonmu bakal kaobong nganti sirna.

11Ana wong teka saka Ninewé, sing ngrancang arep nindakaké piala rupa-rupa marang Pangéran.

12Pangéran banjur ngandika mengkéné marang umaté, "Senajan wong Asyur kuwi gedhé pangwasané lan akèh cacahé, éwasemono bakal katumpes sirna babar-pisan. Hé umat-Ku, kowé wis Dakgawé sangsara, nanging ora bakal Dakpindhoni menèh.

13Aku bakal mungkasi pangwasané Asyur enggoné njajah kowé, lan medhot blenggu sing mbanda kowé."

14Mengkéné dhawuhé Pangéran tumrap Asyur, "Asyur bakal ora duwé turun sing nganggo jenengé dhéwé. Recané ukir-ukiran sing ana ing kuil-kuilé, Aku bakal nyawisaké kuburané, merga wong Asyur ora pantes lestari urip!"

15Delengen, ana utusan teka medhun saka pegunungan, nggawa kabar sing becik! Tekané wong mau martakaké kemenangan! Wong-wong ing Yéhuda, padha nganakna kraméan lan luwarana janjimu karo Pangéran. Wong-wong ala kuwi bakal ora ngenggoni tanahmu menèh, merga wis padha tumpes tapis!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Nahum 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel