Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Nehemia 3 >> 

1Lapuran bab pembanguning témboké Yérusalèm kuwi mengkéné: Imam Agung Èliasib lan kanca-kancané mbangun Gapura Wedhus Gèmbèl, masang inebé lawang-lawangé lan disucèkaké kagem Allah. Saka kono padha mbangun témbok lan disucèkaké tekan Menara Satus lan tekan Menara Hananéèl.

2(3:2-16) Kejaba para imam, wong-wong sing jenengé kasebut ing ngisor iki padha mbangun témboké kutha lan lawang-lawang sarta menara-menarané: Zakhur bin Imri, Kaum Sénaa: Gapura Iwak karo balok-baloké, inebé lawang-lawang, baut-baut lan palang-palangé. Merémot bin Uria, putuné Hakos. Mesulam bin Bèrékia lan putuné Mesézabeèl. Zadok bin Baana Para wargané kutha Tekoa (para penggedhéné kutha mau ora gelem nglakoni pegawéan kasar). Yoyada bin Paséah lan Mesulam bin Besota mbangun Gapura Yesana karo balok-balok, inebing lawang, baut-baut lan slorogan-slorogané lawang. Cedhaké kono sing nyambut-gawé Melaca saka Gibéon lan Yadon saka Méronot. Wong-wong Gibéon lan wong Mizpa mbangun témbok tekan kedhatoné gubernur Éfrat Kulon. Uzièl bin Harhaya, tukang emas cedhak karo Hananya, tukang gawé lenga wangi. Wong-wong olèhé ndandani nganti tekan Témbok Amba. Réfaya bin Hur, wedana distrik sing ngwasani separoné Yérusalèm. Yédaya bin Hamurafi mbangun témbok sacedhaké omahé. Hatus bin Hasabnéya. Malkia bin Harim lan Hasub bin Pahat-Moab mbangun témbok terusané sarta Menara Prapèn. Salum bin Halohès, wedana wilayah sing ngawasi separoné Yérusalèm, diréwangi anak-anaké wadon. Hanun lan penduduk Zanoah: Gapura Lebak sarta inebing lawang-lawang, baut-baut lan slorogan-slorogané. Iya témbok sing dawané 440 mèter tekan Gapura Sampah. Malkia bin Rékhab, wedana wilayah Bètkèrèn: Gapura Sampah lan inebing lawang-lawang, baut-baut lan slorogan-slorogané. Salum bin Kolhozè, wedana wilayah Mizpa mbangun Gapura Sumber Banyu karo payoné, inebing lawang-lawang, baut-baut lan slorogan-slorogané. Uga témbok Blumbang Sélah sacedhaké kedhaton tekan undhak-undhakan sing medhun saka kuthané Dawud. Néhémia bin Azbuk, wedana wilayah Bètzur mbangun témbok tekan pesaréané kulawargané Raja Dawud, blumbang-blumbangan lan tangsi.

3(3:2)

4(3:2)

5(3:2)

6(3:2)

7(3:2)

8(3:2)

9(3:2)

10(3:2)

11(3:2)

12(3:2)

13(3:2)

14(3:2)

15(3:2)

16(3:2)

17(3:17-21) Témbok liyané dibangun déning wong-wong Lèwi yakuwi: Rehum bin Bani. Hasabya, wedana ing separoné wilayah Kéhila. Pérangané témbok sing kanggo wilayahé dhéwé. Cedhaké menèh Binui bin Hénadad, wedana ing separoné wilayah Kéhila. Èzèr bin Yosua, penggedhéné kutha Mizpa mbangun témbok ing pojok dalan, ngarepé gudhang sing kanggo nyimpen gegaman. Baruk bin Zabai mbangun témbok saka pojok dalan tekan lawangé omahé Imam Agung Èlyasib. Merémot bin Uria, putuné Hakos sing mbangun pérangané témbok saka lawangé omahé Èlyasib tekan pungkasané omah mau.

18(3:17)

19(3:17)

20(3:17)

21(3:17)

22(3:22-26) Ana pérangané témbok sawetara sing dibangun déning para imam, yakuwi: Imam-imam sing omahé ora adoh saka Yérusalèm. Bènyamin lan Hasub mbangun témbok ing sangarepé omahé. Azarya bin Maaséya bin Ananya: témbok sacedhaké omahé. Binui bin Hénadad: témbok saka omahé Azaria tekan pojokan. Palal bin Uzai, sing dibangun témbok saka pojok menara kedhaton sing sisih ndhuwur, sacedhaké plataran sing dienggo jaga. Pédaya bin Paros: témbok tekan ngarepé lawang Gapura Banyu sisih Wétan lan menara sing kanggo njaga Pedalemané Allah. (Ora adoh saka kono ana daérah sing jenengé Ofèl, yakuwi panggonané para peladèn ing Pedalemané Allah.)

23(3:22)

24(3:22)

25(3:22)

26(3:22)

27(3:27-32) Pérangané témbok-témbok liyané sing dibangun digarap déning wong-wong kasebut ing ngisor iki: Para wargané kutha Tekoa; nggarap témbok saka ngarep menara penjagané, Pedalemané Allah tekan témbok Ofèl. Imam-imam sing manggon ing sacedhaké Gapura Jaran, nggarap témbok sing adhep-adhepan karo omahé wong-wong mau, saka gapura terus mengalor. Zadok bin Imèr mbangun témbok sing ana ing ngarepé omahé. Semaya bin Sekhanya, wong sing jaga Gapura Wétan nggarap témbok sing ana ing ngarepé omahé. Hananya bin Selèmya lan Hanun anaké Zalaf sing nomer nem. Mesulam bin Bèrékia, sing dibangun témbok sing ana ing ngarepé omahé. Malkia, tukang emas nggarap témbok tekan asramané para buruh lan omahé para wong dagang, ing ngarepé Gapura Mifka tekan lotèng ing pojoké témbok sisih Lor-wétan. Para tukang emas lan wong dagang mbangun pérangané témbok sing pungkasan, wiwit saka lotèng ing pojoké témbok tekan Gapura Wedhus Gèmbèl.

28(3:27)

29(3:27)

30(3:27)

31(3:27)

32(3:27)


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Nehemia 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel