1Iki pangandikané Juru Khotbah, raja ing Yérusalèm, putrané Dawud.
2Tanpa guna, tanpa guna, mengkono pangandikané Juru Khotbah. Tanpa guna banget, samubarang kabèh tanpa guna.
3Apa gunané manungsa nanjakaké uripé kanggo nyambut-gawé ana ing donya?
4Turunan sing siji lunga, turunan sijiné teka, nanging bumi tetep waé ora owah-owah.
5Srengéngé mlethèk, srengéngé surup, banjur énggal-énggal marani panggonané mlethèk menèh.
6Angin midid saka Kidul, nuli minger midid saka Lor, tansah mingar-minger, bola-bali.
7Kali kabèh padha anjog ing segara, éwadéné segara ora dadi kebak; menyang ngendi parané ilining kali, ya mrono selawasé.
8Kabèh mau mboseni, saking bangeté nganti ora kena dikandhakaké nganggo tembung. Mripat ora tau wareg ndedeleng, lan kuping ora wareg-wareg enggoné ngrungokaké.
9Kabèh sing biyèn wis ana bakal ana menèh, lan apa sing biyèn wis kelakon bakal kelakon menèh. Ora ana barang anyar ing bumi kéné.
10Apa ana wong muni, "Delengen, iki barang anyar!" Ora, sebab barang kuwi biyèn ya wis ana, suwé sadurungé kita lair.
11Ora ana wong sing kèlingan lelakon-lelakon dhèk jaman kuna, lan iya ora ana wong sing bakal ngerti apa sing bakal kelakon ing antarané dina iki lan sésuk.
12Aku, Juru Khotbah, dadi raja ing Israèl; kedhatonku ana ing Yérusalèm.
13Atiku kenceng arep nliti lan nyinau samubarang sing kelakon ana ing donya. Kuwi nasib kita saka kersané Allah.
14Aku wis nitèni sakèhé lelakon sing ana ing donya kéné. Kabèh ketemuné tanpa guna, ora béda karo mburu angin.
15Sing béngkong ora kena dilencengaké, sing ora ana ora kena diétung.
16Aku kandha ing sajroning ati, "Aku iki wis dadi wong gedhé, luwih wicaksana tinimbang sapa waé sing tau dadi raja ing Yérusalèm sadurungé aku. Aku ngerti tegesé kawicaksanan lan pangertèn ing sejatiné."
17Aku kudu bisa mbédakaké kawruh lan kabodhoan, kawicaksanan lan tanpa budi. Nanging aku banjur rumangsa yèn prekara mau uga ora béda karo mburu angin.
18Awit saya wicaksana, saya akèh prekara sing dikuwatiraké, lan saya akèh kawruhé wong, saya akèh prihatiné.