Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ratapan 5 >> 

1Dhuh Pangéran, Paduka mugi kersa ngèngeti menapa ingkang sampun sami kawula alami. Mugi kersa mirsani enggèn kawula sami kwirangan.

2Tanah pusaka kawula sampun dhawah ing tanganipun bangsa sanès; griya-griya kawula sami dipun enggèni déning tiyang-tiyang manca negari.

3Para bapa kawula sampun sami dipun pejahi déning mengsah, mila para biyung kawula samenika sami dados randha.

4Toya ingkang kawula ombé kedah kawula bayar; kajeng ingkang kawula enggé urub-urub kedah kawula tumbas.

5Kawula sami kaoyak kados kuldi lan unta, ngantos sami kesel mangka mboten angsal ngaso.

6Supados saged angsal tedha kanggé gesang, kawula sami ngemis-ngemis dhateng Mesir lan Asyur.

7Para leluhur kawula sami damel dosa, nanging samenika sampun sami tilar-donya; lan kawula sami nandhang sangsara krana saking dosanipun.

8Kawula sami dipun rèh déning tiyang-tiyang ingkang leresipun namung dados réncang tumbasan, mangka mboten wonten ingkang saged ngluwari kawula saking pangwaosipun.

9Ing sanjawinipun kitha kathah bégal ingkang tegel mejahi ngantos enggèn kawula pados tedha kedah toh nyawa.

10Kawula sami kaliren, ngantos kraos badan kawula mengangah kados tiyang sakit bentèr, inggih ngantos kulit kawula bentèripun kados anglo ingkang murub.

11Para tiyang èstri ing Gunung Sion sampun sami karodha-peksa; mekaten ugi anak-anak kita èstri ing saben kitha ing Yéhuda.

12Para pemimpin kawula sampun sami dipun cepeng lan dipun gantung; para pinisepuh sampun mboten dipun urmati.

13Para nènèman kawula sami dipun pasangi rakitan gilingan gandum kados réncang tumbasan. Laré jaler sami gloyoran mikuli kajeng ingkang awrat.

14Para pinisepuh mboten sami lenggah wonten ing gapuraning kitha malih, lan para nènèman sampun mboten sami nabuh tetabuhan.

15Gesang kawula sampun koncatan ing kabegjan, kasisahan sampun dados gantosipun jogèdan.

16Ingkang rumiyin kawula egung-egungaken sampun telas sedaya, kawula sampun sami damel dosa, mila tampi paukuman.

17Manah kawula sami sakit, ngantos sami mboten saged ningali margi déning luh.

18Sarèhné Sion sampun sepen lan suwung, mila para segawon ajag badhé sami saba, wonten ing gempuraning kitha menika.

19Dhuh Pangéran, Paduka jumeneng Raja ing selaminipun, mila inggih badhé ngerèh ing selami-laminipun.

20Kénging menapa kawula sami Paduka tégakaken semanten laminipun? Menapa kawula inggih sami badhé Paduka èngeti malih?

21Dhuh Allah, kawula mugi kawangsulaken dhateng Paduka malih! Kawontenan kawula mugi Paduka pulihaken malih!

22Menapa kawula sampun Paduka tampik ing selami-laminipun? Menapa paukuman Paduka tanpa wangenan?


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ratapan 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel