Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 25 >> 

1Yèn ana wong Israèl loro padha prekaran ana ing pengadilan, sing siji ditetepaké bener, sijiné salah,

2sing salah mau yèn diukum gitik, hakim kudu akon wong mau mengkureb. Cacahé olèhé nggitik gumantung karo keluputané.

3Kena tekan patang puluh, nanging ora kena luwih. Yèn nganti luwih, kuwi ateges ngina marang wong mau ing ngarepé wong akèh.

4Sapi sing dienggo nggiles gandum cangkemé aja dibrangus.

5"Yèn ana wong lanang loro padha sedulur lan tunggal sapanggonan, mangka salah siji tinggal-donya, ora ninggal anak, kuwi randhané ora kena dipèk wong liya kejaba kulawargané. Seduluré lanang kudu ningkah randhané mau.

6Anak lanang pembarep saka ningkah mau kudu dianggep anaké wong sing wis mati, supaya sing mati mau duwé turun ing antarané bangsa Israèl.

7Nanging yèn seduluré lanang wong sing mati mau ora gelem ngepèk randhané, randha kuwi kudu ngadhep marang para pinituwa ing sekèthèngé kutha kono lan kandha, ‘Ipé kula mboten purun nglampahi kuwajibanipun nggesangaken namaning sedhèrèkipun ing Israèl.’

8Para pinituwané kutha kono kudu ngundang ipé mau dijak rembugan. Yèn dhèwèkné meksa ora gelem ngawini randhané seduluré mau,

9wong wadon mau ana ing ngarepé para pinituwa kudu nyopot sandhalé ipéné, ngidoni rainé lan kandha, ‘Mengkéné iki jalukané wong lanang sing ora gelem awèh turunan marang seduluré.’

10Kulawargané wong mau ing Israèl bakal ketelah, ‘Kulawargané wong sing dicopot sandhalé!’"

11"Yèn ana wong lanang loro lagi gelut, mangka bojoné sing siji arep ngréwangi sing lanang srana mbethot kawirangané wong lanang sijiné,

12wong wadon mau aja kokwelasi. Tangané kethoken.

13(25:13-14) Kowé ora kena ngapusi nganggo bandhul timbangan utawa nganggo ukuran palsu.

14(25:13)

15Migunakna timbangan lan mèteran sing pas lan bener, supaya kowé kaparingan umur dawa déning Pangéran Allahmu, ing tanah sing diparingaké marang kowé.

16Gusti Allah sengit marang wong ngapusi."

17"Aja lali karo penggawéné wong Amalèk marang kowé, nalika kowé teka saka tanah Mesir.

18Wong-wong kuwi ora padha wedi marang Allah, lan wis nyerang marang kowé saka mburi, yakuwi nalika kowé lagi kesayahen lan kentèkan tenaga; wong-wong sing mlaku ana ing mburi padha dipatèni kabèh.

19Mulané yèn Pangéran Allahmu wis maringaké tanah mau marang kowé, lan wis ora ana mungsuh sing manggon ing kiwa-tengenmu, wong Amalèk kuwi kudu kokpatèni kabèh, nganti jenengé Amalèk ora tau kocap. Aja lali!"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 25 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel