Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Ulangan 8 >> 

1"Sakèhé pepakon sing dakdhawuhaké marang kowé iki lakonana temenan, supaya mantep uripmu, saya wuwuh akèh cacahmu lan tetep manggon ing Tanah Prejanjian, sing dijanjèkaké déning Pangéran Allahmu marang para leluhurmu.

2Élinga, patang puluh taun lawasé Pangéran Allahmu enggoné ngirid lakumu liwat segara wedhi. Kasangsaran rupa-rupa sing kokalami kanggo ndadar kowé, supaya cethané apa sing ana ing atimu; apa kowé bakal nglakoni dhawuhé Pangéran, apa ora.

3Kowé ngalami keluwèn, banjur diparingi manna, pangan sing durung tau kokpangan utawa dipangan déning leluhurmu. Srana mengkono Panjenengané nedahaké marang kowé yèn manungsa uripé ora mung srana roti waé, nanging srana samubarang sing dingandikakaké déning Allah.

4Sajroné patang puluh taun iki sandhanganmu ora nganti luwas lan sikilmu ora nganti abuh.

5Élinga, yèn Pangéran Allahmu enggoné ngrumati marang kowé kaya bapak marang anak-anaké.

6Mulané, sakèhé dhawuhé Allah kuwi lakonana: Prelokna urip miturut dhawuh-dhawuh lan prenatan-prenatané.

7Allah bakal ngirid kowé menyang panggonan sing subur, tanah sing sugih kali lan panggonané tuk, sarta banyu ing sangisoring lemah, sing muncul mancur ing lebak-lebak lan pegunungan-pegunungan.

8Tanah sing metokaké gandum lan jewawut, anggur, woh anjir, woh delima, lenga zaitun lan madu.

9Ana ing kono kowé bakal ora ngrasakaké keluwèn utawa kekurangan. Watu karangé ngandhut wesi lan saka gunung-gunungé kowé bisa ngedhuk tembaga.

10Kowé bisa mangan apa waé sing koksenengi, lan kowé bakal saos sukur marang Pangéran Allahmu, merga suburé bumi, sing diparingaké marang kowé."

11"Sing ngati-ati, kowé aja nganti nyepèlèkaké Pangéran Allahmu. Kabèh dhawuh-dhawuhé sing dakparingaké marang kowé aja ana siji waé sing kokanggep rèmèh.

12Yèn kowé wis mangan apa sing kokpéngini lan kowé wis yasa omah-omah sing becik, sing kokenggoni,

13lan wedhus tuwin sapimu wis tambah dadi akèh, mengkono uga slaka lan emasmu sarta raja-branamu liya-liyané,

14sing ngati-ati, kowé aja nganti dadi gumunggung lan nyepèlèkaké marang Pangéran Allahmu, sing wis ngluwari kowé saka ing tanah Mesir, panggonanmu dhèk nalika dadi batur-tukon.

15Allah ngirid lakumu ngambah segara wedhi sing jembar ngilak-ilak lan nggegirisi, kebak ula lan kalajengking. Lemahé garing, tanpa banyu setètès-tètèsa; nanging Panjenengané ndhawuhaké banyu mili saka ing padhas, supaya kowé bisa ngombé sawaregmu.

16Ana ing segara wedhi mau Panjenengané maringi kowé manna dadi panganmu, pangan sing durung tau dipangan leluhurmu. Panjenengané nekakaké karépotan rupa-rupa, kanggo ndadar imanmu, supaya ing saterusé kowé diberkahi wujud rejeki.

17Mulané aja pisan-pisan duwé pikiran, yèn enggonmu dadi sugih kuwi merga saka daya kekuwatanmu dhéwé.

18Élinga, yèn sing ndadèkaké kowé sugih kuwi Pangéran, Allahmu. Lan enggoné tumindak mengkono mau, merga tekan sepréné Panjenengané setya karo janjiné marang para leluhurmu.

19Sing ngati-ati, aja pisan-pisan kowé ninggal marang Pangéran, Allahmu lan nyembah brahala-brahala, banjur koksembah lan kokbektèni. Yèn penggawému kaya mengkono, élinga marang pituturku ing dina iki, yèn kowé mesthi bakal ditumpes déning Allah.

20Yèn kowé ora mbangun-turut marang Allah, kowé bakal ditumpes, ora béda karo bangsa-bangsa sing saiki ditumpes ana ing ngarepmu."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ulangan 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel