Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 10 >> 

1Aku banjur weruh ana malaékat liyané sing gagah-prakosa mudhun saka ing swarga, kemulan méga, lan ing sandhuwuring sirahé ana kluwungé. Rainé mencorong kaya srengéngé, lan sikilé kaya tugu geni.

2Malaékat mau nyekeli gulungan kitab cilik bukakan. Sikilé sing tengen tumapak ing segara, lan sing kiwa ana ing dharatan.

3Malaékat mau nguwuh seru kaya panggeroning singa. Sawisé mengkono, gludhug pitu kuwi mangsuli swarané gumleger.

4Apa sing diucapaké gludhug pitu mau arep dakcatheti, nanging aku krungu swara saka ing swarga ngandika: "Apa sing diucapaké déning gludhug pitu kuwi wewadi. Aja kokcathet!"

5Malaékat sing dakdeleng ngadeg ana ing segara lan ing dharatan mau nuli ngangkat ngathungaké tangané tengen,

6sarta banjur sumpah demi Panjenengané kang gesang langgeng selawas-lawasé, kang nitahaké langit saisiné, lan bumi saisiné sarta segara saisiné; tembungé: "Dinané ora bakal kaundur menèh!

7Nanging samangsa malaékat kapitu ngunèkaké slomprèté, Gusti Allah bakal nindakaké rancangané, kaya sing wis kawartosaké marang para abdiné, yakuwi para nabi."

8Swara sing wis dakrungu saka swarga mau nuli ngandika menèh mengkéné: "Majua, kitab gulungan bukakan sing ana ing tangané malaékat kang ngadeg ana ing segara lan ing dharatan kuwi tampanana."

9Aku banjur marani malaékat mau lan njaluk, supaya kitab kawènèhna marang aku. Pangucapé malaékat mau: "Tampanana lan panganen. Ana ing wetengmu rasané bakal kecut, nanging ana ing cangkemmu rasané legi kaya madu."

10Kitab bukakan cilik mau nuli daktampani lan dakpangan. Ana ing cangkem rasané kaya madu, nanging bareng dakulu tekan weteng rasané kecut.

11Aku nuli didhawuhi supaya martakaké pangandikané Gusti Allah menèh marang para bangsa, negara-negara, basa sarta para ratu.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Wahyu 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel