Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Wahyu 8 >> 

1Bareng Sang Cempé mau nglèthèk sègel sing kapitu, ing swarga banjur dadi sepi nyenyet wetara setengah jam suwéné.

2Nuli aku weruh malaékat pitu ngadeg ana ing ngarsaning Allah, padha kaparingan slomprèt pitu.

3Malaékat liyané, sing nggawa pedupan emas, nyedhaki mesbèh lan ngadeg ing ngarepé mesbèh mau. Malaékat mau wis kaparingan menyan akèh supaya diobong minangka sesaosan, bebarengan karo pandongané para umaté Allah kabèh, ana ing mesbèh emas, ing ngarepé dhampar.

4Kukusé menyan sing diobong kuwi kumelun awor karo pandongané umaté Allah saka tangané malaékat mau marang ngarsané Gusti Allah.

5Malaékat mau nuli nggawa pedupan lan diisèni mawa saka ing mesbèh, banjur diuncalaké menyang bumi. Nuli ana swarané gludhug gumleger bebarengan bledhèg sesamberan, apa déné lindhu.

6Sawisé kuwi malaékat pitu sing padha nyekel slomprèt mau banjur tata-tata arep ngunèkaké slomprèté.

7Bareng malaékat kang kapisan ngunèkaké slomprèté mau, nuli ana udan ès lan geni, campur getih, kaesokaké ing bumi; saprateloné bumi lan saprateloné wit-witan nganti padha kobong, semono uga sakèhé suket ijo.

8Malaékat kang kapindho nuli ngunèkaké slomprèté. Banjur ana barang saèmper gunung gedhé sing murub, kauncalaké ing segara. Temah saprateloné segara malih dadi getih,

9lan saprateloné makluk sing urip ing segara padha mati lan saprateloné kapal-kapal sing lagi lelayaran padha tumpes.

10Malaékat kang katelu ngunèkaké slomprèté, banjur ana lintang gedhé murub kaya obor tiba saka ing langit, nibani saprateloné kali-kali lan etuk-etuking banyu.

11Lintang mau jenengé Apsintus, tegesé "Pait". Mula saprateloné sakèhing banyu dadi pait, njalari akèh wong padha mati merga ngombé banyu sing wis dadi pait mau.

12Malaékat kang kapat banjur ngunèkaké slomprèté, saprateloné srengéngé lan saprateloné rembulan sarta saprateloné lintang-lintang padha ilang cahyané sapratelon. Semono uga saprateloné awan lan saprateloné wengi dadi peteng ndhedhet.

13Aku banjur weruh ana manuk garudha mabur dhuwur ing awang-awang. Manuk mau nywara seru: "Bilai, bilai! Samangsa malaékat telu liyané ngunèkaké slomprèté, sakèhing wong sing padha manggon ing bumi iki nemahi bilai."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Wahyu 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel