Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yakobus 2 >> 

1Para sedulurku! Kowé kuwi wong-wong sing precaya marang Gusti Yésus Kristus, Kang Mahamulya. Kowé aja nganggo mbédak-mbédakaké wong manut kaanané tata lair.

2Upamané yèn ana wong mlebu ing kumpulanmu nganggo ali-ali mas lan sandhangané becik, mangka iya ana wong miskin sing mlebu nganggo sandhangan sarwa èlèk,

3kowé banjur luwih ngajèni marang sing menganggo sarwa bregas mau lan kokaturi mengkéné: "Kula aturi lenggah ing kursi ingkang saé menika," mangka wong sing miskin mau koktuturi: "Ngadega ing kono!" utawa: "Lungguha ing ngisor kéné, cedhak sikilku!"

4Apa kowé ora padha gawé dosa? Awit kowé wis mbédak-mbédakaké pepadhamu, lan wis mawas wong nganggo pikiran sing ora prayoga.

5Sedulur-sedulurku sing daktresnani, wong-wong sing dianggep miskin ing donya iki, ditampi déning Gusti Allah saka enggoné precaya. Wong-wong mau padha dadi umat ing Pepréntahané Gusti Allah, sing wis dijanjèkaké marang wong-wong sing padha tresna marang Panjenengané.

6Nanging kowé padha ngina marang wong miskin! Coba pikiren! Sapa sing nindhes kowé lan nyèrèd kowé menyang pengadilan? Apa dudu wong-wong sugih?

7Iya wong-wong sugih kuwi sing nyewiyah Asmané Gusti Allah Kang Mahamulya, sing nimbali kowé dadi para kagungané.

8Yèn kowé netepi dhawuhé Angger-anggeré Kratoné Gusti Allah, sing katulis ana ing Kitab Suci: "Kowé tresnaa marang sapepadhamu, kaya marang awakmu dhéwé," kuwi wis bener.

9Nanging yèn kowé padha mbédak-mbédakaké, kowé dadi nglakoni dosa, lan kowé uga disalahaké déning Angger-anggering Torèt, dianggep wong sing nerak angger-angger.

10Sapa sing nerak Angger-anggering Torèt siji waé, kuwi wis nerak Angger-anggering Torèt kabèh.

11Sebab sing ngandika: "Kowé aja laku bédhang," kuwi iya sing ngandika: "Kowé aja mematèni." Dadi senajan kowé ora laku bédhang, nanging yèn kowé gawé pati, kowé uga wis nerak angger-angger.

12Enggonmu caturan lan enggonmu tumindak kuwi dikaya wong sing bakal padha diadili manut Angger-anggering Torèt sing gawé luwaré manungsa.

13Awit Gusti Allah bakal maringi paukuman tanpa nganggo kawelasan marang wong sing ora nandukaké kawelasan. Nanging sukur déné kawelasan kuwi ngalahaké pengadilan!

14Para sedulurku! Apa gunané wong muni: "Aku precaya," mangka ora tumindak apa-apa? Apa precayané mau bisa nylametaké uripé?

15Upamané ana sedulur lanang utawa wadon, sing butuh sandhangan lan pangan.

16Apa gunané kowé muni karo wong mau: "Wis mangkata, muga kecukupan sandhang lan panganmu," mangka kowé ora mènèhi marang wong-wong mau barang sing dibutuhaké?

17Mengkono uga bab precaya. Yèn ora dikanthèni tumindak, precaya kuwi tanpa guna!

18Bisa uga ana wong sing muni mengkéné: "Ana wong sing ngendelaké precayané, ana liyané sing ngendelaké penggawéné." Wangsulanku mengkéné: "Coba aku tuduhna, kepriyé bisané wong nuduhaké precayané tanpa penggawé, banjur aku bakal nuduhaké marang kowé precayaku srana penggawé-penggawéku."

19Kowé rak precaya ta, yèn Gusti Allah kuwi mung siji? Sétan-sétan iya precaya, lan sétan-sétan mau padha gumeter merga saka wediné!

20Bodho temen kowé kuwi! Apa kowé butuh bukti, yèn precaya tanpa penggawé kuwi tanpa guna?

21Mengkéné: "Leluhur kita Abraham kuwi enggoné kaanggep bener ana ing ngarsané Gusti Allah rak merga saka penggawéné? Yakuwi nalika panjenengané nyaosaké putrané Iskak ana ing mesbèh.

22Kuwi mau nélakaké yèn precaya lan penggawé kuwi tumindaké bebarengan, precayané disampurnakaké déning penggawéné."

23Srana mengkono dadi bener apa sing katulis ing Kitab Suci, sing surasané: "Rama Abraham precaya marang Gusti Allah, lan merga saka enggoné precaya mau panjenengané kaanggep bener ana ing ngarsané Gusti Allah." Merga saka iku Abraham karan: "Mitrané Gusti Allah."

24Dadi saiki kowé padha ngerti, yèn wong mono enggoné karukunaké karo Gusti Allah iya merga saka penggawéné, lan ora mung merga saka precayané waé.

25Mengkono uga Rahab, si sundel kaé. Rahab karukunaké karo Gusti Allah iya merga saka penggawéné. Yakuwi nalika dhèwèké ndhelikaké para telik Yahudi lan nulungi wong-wong mau lolos metu dalan liya.

26Kaya déné badan tanpa roh kuwi mati, mengkono uga precaya tanpa penggawé iya tanpa guna!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yakobus 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel