Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 39 >> 

1Pangéran Kang Mahakwasa ngandika, "Hé Yéhezkièl, medhara wangsit kanggo Gog, maharajané bangsa-bangsa ing Mèsèkh lan Tubal, aturana yèn Aku iki mungsuhé.

2Raja mau bakal Dakingeraké adhepé lan Daktuntun saka tanah adoh ing sisih Lor menyang gunung-gunungé Israèl.

3Tangané kiwa bakal Dakgebag, nganti gendhéwané bakal tiba, lan panahé bakal mrucut saka tangané tengen.

4Gog lan tentarané, sarta bangsa-bangsa sing rujuk karo raja mau bakal tiwas ana ing gunung-gunungé Israèl, lan jisimé bakal dadi pakané manuk-manuk lan kéwan galak.

5Wong-wong mau bakal padha mati ana ing ara-ara. Aku, Pangéran Kang Mahakwasa sing ngandika.

6Aku bakal nekakaké geni sing ngobong tanah Magog lan tanah-tanah sauruté pesisir sing dienggoni déning wong-wong sing saiki padha urip kanthi ayem tentrem. Lan saben wong bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.

7Sarta Aku bakal nedahaké asma-Ku sing suci ana ing satengahé umat-Ku Israèl, lan Aku bakal ora marengaké menèh asma-Ku sing suci dinajisaké, supaya para bangsa padha sumurup, yèn Aku iki Pangéran, Allahé Israèl kang mahasuci."

8Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa mengkéné, "Apa sing Dakngandikakaké iki bakal kelakon.

9Wong-wong sing padha manggon ana ing kutha-kuthané Israèl bakal padha metu sarta bakal padha nglumpukaké sakèhé gegaman sing ditinggal déning Gog dienggo urub-urub. Tamèng, gendhéwa, panah, tumbak lan gada bakal dienggo gawé dadèn geni, sarta nganti pitung taun lawasé bakal padha ora mbutuhaké kayu kanggo urub-urub.

10Sarta padha ora prelu golèk kayu ana ing alas utawa negor wit, merga gegaman-gegaman saka kayu sing kanggo perang mau cukup kanggo gegenèn. Wong Israèl bakal padha gentèn njarah-rayah wong-wong sing biyèn padha njarah-rayah awaké dhéwé. Mengkono pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa.

11Pangandikané Pangéran mengkéné, "Samasa kuwi kabèh wis kelakon, Aku bakal maringi papan kanggo ngubur Gog ana ing Israèl, yakuwi ana ing Lembah Penyabrangan, ing sawétané Segara Mati. Gog lan wadyabalané bakal kakubur ana ing kana, lan lembah mau bakal karan ‘Lembah Tentarané Gog’.

12Wong-wong Israèl bakal ngubur jisim-jisim mau lawasé pitung sasi, yakuwi lawasé enggoné nucèkaké tanah mau menèh supaya ora najis.

13Saben wong ing tanah kono bakal ngréwangi ngubur jisim-jisim mau, lan sing padha ngubur bakal nampa ganjaran ing dina kemenangan-Ku. Aku, Pangéran Kang Mahakwasa sing ngandika.

14Sawisé kliwat pitung sasi, bakal ana wong-wong sing kapilih mider nitipriksa mbokmenawa isih ana jisim sing kliwatan, iya banjur bakal dikubur, supaya tanah kono bali dadi suci menèh.

15Sajroné munggah-mudhun ndlajahi tanah mau, samasa nemokaké balung manungsa banjur kudu diwènèhi tandha ing sisihé, supaya para tukang kubur bisa weruh, lan ngubur balung-balung mau ana ing Lembah Tentarané Gog.

16(Ing sacedhaké kono bakal ana kutha sing karan Hamona.) Kaya mengkono enggoné bakal padha nucèkaké tanah Israèl."

17Pangéran Kang Mahakwasa ngandika marang aku mengkéné, "Yéhezkièl, manuk-manuk lan kéwan galak saka ngendi-endi padha undangen, konen teka mangan kurban sing Dakcawisaké. Pésta gedhèn bakal dianakaké ana ing gunung-gunungé Israèl. Ana ing kono bakal padha mangan daging lan ngombé getih.

18Kéwan-kéwan mau bakal padha mangan dagingé para prejurit lan ngombé getihé para raja ing bumi, sing bakal padha kasembelèh kaya wedhus lanang, utawa cempé, utawa wedhus jawa utawa sapi lemon.

19Yèn wong-wong mau wis Daksembelèh kaya kurban, manuk-manuk lan kéwan-kéwan alasan bakal padha mangan daging nganti wareg lan ngombé getih nganti mendem.

20Enggoné padha pésta bakal nganti sawaregé, mangan jaran, sing nunggangi, lan para prejurit liyané. Aku, Pangéran Kang Mahakwasa kang ngandika."

21Pangandikané Pangéran mengkéné, "Aku bakal ngetingalaké kamulyan-Ku marang para bangsa sarta Aku bakal nedahaké enggon-Ku ngagem pangwasa-Ku kanggo nindakaké keputusan-Ku.

22Mula umat Israèl wiwit dina kuwi bakal padha ngerti yèn Aku iki Pangéran Allahé.

23Sarta para bangsa bakal padha ngerti yèn bangsa Israèl enggoné kabuwang kuwi merga saka dosa-dosané marang Aku. Mulané padha Dakungkuraké, lan Dakulungaké marang para mungsuhé, supaya padha dipatèni ana ing peprangan.

24Wong-wong mau padha Dakukum timbang karo kaluputan lan pialané, sarta banjur Daksingkur."

25Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa menèh mengkéné, "Nanging saiki Aku bakal maringi piwelas karo anak-turuné Yakub, yakuwi umat Israèl lan Dakdadèkaké bangsa sing makmur. Aku bakal njagi kasucèné asma-Ku.

26Samasa wis bali manggon ing tanahé kono kanthi tentrem, mangka ora ana sing ngancam, wong-wong mau bakal padha lali karo kwirangané lan sakèhé tindaké sing ora setya karo Aku.

27Supaya Aku bisa nélakaké kasucèn-Ku marang para bangsa, mula bangsa Israèl Dakirid bali saka satengahé para bangsa sing nyatru Israèl.

28Mula umat-Ku bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran Allahé. Enggoné ngerti mau merga Aku sing mbuwang lan Aku dhéwé sing nglumpukaké lan ngirid bali, mulih menyang tanahé dhéwé, nganti siji waé ora ana sing kari.

29Roh-Ku bakal Dakesokaké marang umat-Ku Israèl lan ora bakal Daksingkur menèh. Aku, Pangéran Kang Mahakwasa kang ngandika."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 39 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel