Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 41 >> 

1Aku banjur digawa mlebu ing kamar gedhé ing Pedalemané Allah kono. Wong mau banjur ngukur lurung sing anjog menyang Papan Kang Suci, ketemu dawané telung mèter,

2témboké kiwa-tengen kandelé loro setengah mèter, ambané limang mèter. Kamar gedhé mau nuli iya diukur, ketemu dawané rong puluh mèter, lan ambané sepuluh mèter.

3Wong lanang mau banjur mlebu ing kamar njero. Lurung sing anjog mrono diukur. Dawané samèter, ambané telung mèter lan témbok sing ana ing kiwa-tengené kandelé telu setengah mèter.

4Kamaré diukur, ketemu dawa lan ambané sepuluh mèter pesagi. Wong lanang mau banjur kandha karo aku, "Iki Papan Kang Mahasuci."

5Wong lanang mau ngukur kandelé témbok Pedalemané Allah sing njero, ketemu telung mèter. Nèmplèk ing sakubengé Pedalemané mau ana kamar-kamar sing ambané rong mèter.

6Kamar-kamar mau digawé sungsun telung lapis. Saben lapis kamaré telung puluh. Témboké Pedaleman mau sing sisih njaba ora padha kandelé. Témbok lapisan ndhuwur luwih tipis ketimbang karo sing ana ing ngisoré, mula glogoré kamar-kamar lapisan kapindho lan katelu disangga déning témbok ngisoré.

7Srana mengkono témboké Pedalemané Allah mau yèn disawang saka njaba katoné saka ngisor tekan ndhuwur padha kandelé. Ing témboké Pedaleman sing sisih njaba ana undhak-undhakané loro sing jembar, kanggo munggah saka lapisan kamar-kamar sing ana ing ngisor menyang kamar-kamar sing ana ing lapisan tengah lan menyang lapisan sing ndhuwur dhéwé.

8(41:8-11) Témboké njaba kamar-kamar mau kandelé loro setengah mèter. Pedalemané Allah mau ing sisih Lor ana lawangé menyang kamar-kamar, mengkono uga ing sisih Kidul. Aku iya weruh ing sakubengé Pedaleman mau ana térasé sing ambané loro setengah mèter. Téras mau dhuwuré saka jrambahé Pedaleman telung mèter, dadi téras mau rata karo jrambahé kamar-kamar, sing nèmplèk ing témboké Pedaleman. Ing antarané téras mau lan gedhongé para imam ana ruangan bukakan ngubengi Pedaleman, ambané sepuluh mèter.

9(41:8)

10(41:8)

11(41:8)

12Ing sisih kuloné Pedalemané Allah ana gedhongé, dawané patang puluh lima mèter lan ambané telung puluh lima mèter; kandelé témboké mubeng loro setengah mèter.

13Wong lanang mau banjur ngukur Pedalemané Allah sing sisih njaba, dawané sèket mèter. Saka mburiné Pedalemané Allah tekan gedhong sing ana ing Kulon dhéwé dawané iya sèket mèter.

14Ambané Pedaleman mau sing sisih ngarep, klebu ruang bukakan ing kiwa lan ing tengené, dawané iya sèket mèter.

15(41-15a) Dawané gedhong uga diukur mengulon, klebu lurung-lurung sing ana ing sisih kiwa lan tengené, dawané iya sèket mèter. (41-15b) Ruangan gedhé sing kanggo mlebu ing Pedalemané Allah, Sasana Suci lan Sasana Mahasuci

16kabèh dilapis nganggo kayu saka jrambah tekan jendhéla-jendhélané. Jendhéla-jendhéla mau kena ditutup saka ndhuwur.

17Témboké Pedalemané Allah sing sisih njero dilapis nganggo ukir-ukiran,

18ukiran kurma lan kéwan-kéwan nganggo swiwi. Ukiran kurma diseling ukiran kéwan, mengkono saterusé, sakamar mubeng. Saben kéwan mau rainé loro,

19rai sing siji madhep marang wit kurma sing sisih kéné, rai sijiné sing rupa singa, madhep ing wit kurma sing sisih kana. Kabèh témbok dihias nganggo ukir-ukiran kaya mengkono,

20saka jrambah tekan ndhuwuré lawang-lawang.

21(41-21a) Saka-sakané lawang ing Pedalemané Allah kabèh pesagi. (41-21b) Ing sangarepé Sasana Mahasuci ana barang sing rupané kaya

22mesbèh kayu. Dhuwuré siji setengah mèter, ambané samèter. Cagaké, dhasaré lan gebyogé kagawé saka kayu. Wong lanang mau kandha karo aku, "Iki méja sing ana ing ngarsané Pangéran."

23Ing pungkasané lurung sing anjog ing Sasana Suci ana lawangé, semono uga ing pungkasané lurung sing anjog ing Sasana Mahasuci.

24Saben lawang inebé loro, kusèn-kusèné ana ing tengah.

25Lawang-lawangé Sasana Suci karengga nganggo ukiran wit kurma lan kéwan nganggo swiwi kaukir ing kayuné, kaya ukir-ukiran sing ana ing témbok-témboké. Lawang-lawang mau ing sisih njaba ndhuwuré ana téndhané kayu.

26Kamar gedhé mau kiwa-tengen ana jendhélané, lan témbok-témboké direngga nganggo ukir-ukiran wit kurma.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 41 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel