Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 23 >> 

1Cilaka para pangon sing njalari umaté Allah tumpes lan kocar-kacir!

2Pangandikané Pangéran, Allahé Israèl marang para raja lan wong-wong sing mesthiné kudu ngrumati umat kagungané Allah, "Kowé padha ora mbeciki umat-Ku, malah padha kokbuyaraké lan kokgusahi. Saiki kowé bakal Dakukum merga piala sing koklakoni.

3Kekarèné wedhus-Ku bakal Dakklumpukaké saka tanah-tanah panggonané mencar, lan Dakbalèkaké menyang tanahé dhéwé. Bakal padha tangkar-tumangkar, mula mundhak akèh cacahé.

4Aku bakal ngangkat raja-raja lan penggedhé-penggedhé sing ngrumati kanthi gemati. Umat-Ku bakal ora krasa wedi lan giris, sarta bakal ora Dakukum menèh. Aku, Pangéran wis ngandika!"

5Pangéran ngandika menèh mengkéné, "Bakal tekan wektuné, Aku nimbali saka turuné Dawud, raja sing ngerèh tanahé kanthi wicaksana, adhedhasar keadilan lan kabeneran.

6Samasa pepréntahané raja mau Yéhuda bakal ayem, lan umat Israèl uripé bakal tentrem. Asmané raja mau bakal kasebut: ‘Pangéran Juru Slamet kita.’"

7"Bakal tekan wektuné," mengkono pangandikané Pangéran, "Wong padha ora sumpah nganggo nyebut asma-Ku, Allah sing ngentas Israèl saka tanah Mesir,

8nanging bakal padha sumpah nganggo nyebut asma-Ku, Allah Kang Gesang, sing mbalèkaké umat Israèl saka tanah-tanah Lor, lan saka sakèhé tanah-tanah liyané panggonané dibuyaraké déning Allah. Wong-wong mau bakal padha manggon ing tanahé dhéwé."

9Atiku remuk, aku gemeter, merga saka Pangéran lan pangandikané. Aku kaya wong mendem, kaya wong sing kakèhan ngombé anggur.

10Tanah Yéhuda wis kebak wong sing nyingkur marang Pangéran! Uripé kebak piala lan enggoné ngerèh sewenang-wenang. Mulané tanahé ngenes merga diipat-ipati déning Pangéran, lan ara-ara pangonané dadi garing.

11Pangandikané Pangéran, "Para nabi lan para imam padha ora kenal karo Allah. Aku mergoki enggoné padha nindakaké piala ana ing Pedaleman-Ku.

12Dalan sing diambah kuwi lunyu lan peteng; ana ing kono bakal Dakgawé kesandhung lan tiba. Aku bakal nekakaké bebaya, merga wis tekan wektuné padha nampa paukuman. Aku, Pangéran wis ngandika!"

13Aku pirsa dosa-dosané para nabi ing Samaria, nabi-nabi mau padha ngramal atas jenengé Baal, nganti padha nasaraké umat-Ku.

14Nanging Aku uga pirsa nabi-nabi sing ana ing Yérusalèm, sing pialané ngluwihi; kuwi malah padha laku jina lan seneng ngapusi; padha njlomprongaké wong supaya padha laku nasar, mula ora ana sing nyegah wong sing laku ala. Tumraping Aku nabi-nabi kuwi ora béda karo wong-wong ing Sodom lan Gomora.

15Mulané, Aku Pangéran Allah Kang Mahakwasa ngandika bab para nabi ing Yérusalèm mau mengkéné, "Wong-wong kuwi bakal Dakparingi mangan butrawali, lan wisa minangka ombèn-ombèné, merga wis padha nyebar piala satanah kabèh."

16Pangandikané Allah Kang Mahakwasa marang wong-wong ing Yérusalèm mengkéné, "Aja padha nggugu tembungé para nabi. Wangsit sing diwedharaké kuwi palsu, manut pangothak-athiké dhéwé, dudu apa sing Dakngandikakaké.

17Para wong sing padha nyepèlèkaké pangandika-Ku padha dikandhani, ‘Kowé bakal nemu katentreman.’ Lan wong sing padha mangkotaké atiné dikandhani, ‘Kowé bakal ora ketekan ing bebaya.’"

18Aku kandha marang wong-wong ing Yérusalèm mengkéné, "Nabi-nabi kuwi ora ngerti penggalihé Allah. Ora ana sing tau krungu utawa ngerti wangsité Pangéran, malah ora tau nanggapi apa menèh nglakoni pangandikané.

19Paukumané kaya prahara, kaya pangamuké angin lésus sing mulek ana ing sandhuwuré sirahé para wong ala.

20Lan ora bakal sirep yèn durung rampung enggoné nglakoni utawa nindakaké apa sing dikersakaké Pangéran. Ing wekasané jaman umaté Allah, bakal ngerti kuwi mau kabèh kanthi gamblang."

21Pangandikané Pangéran, "Para nabi kuwi ora Dakutus, éwasemono padha medhar wangsit atas asma-Ku.

22Saupama padha ndhèrèk rembugan ana ing ngarsa-Ku, mesthi pangandika-Ku sing dilairaké marang umat-Ku, mula umat-Ku padha ninggal lakuné sing ala sarta penggawéné sing ora bener.

23Aku Allah kang ana ing saenggon-enggon lan ora mung ana ing saenggon waé.

24Ora ana wong sing bisa umpetan, nganti ora Dakpirsani. Apa kowé ora weruh yèn Aku ana ing sedhéngah papan, ing swarga lan ing bumi?

25Aku wis miyarsa apa sing dikandhakaké déning para nabi sing medharaké goroh atas asma-Ku, pangucapé, ‘Aku olèh impèn.’

26Nganti pira lawasé para nabi sing goroh lan martakaké pawarta apus-apusan sing metu saka atiné dhéwé mau nasaraké umat-Ku?

27Karepé supaya srana impèn lan osik pangothak-athiké dhéwé mau umat-Ku padha lali marang Aku, kaya para leluhuré sing nyingkur Aku, banjur nyembah marang Baal.

28Nabi sing nampa impèn kudu kandha yèn sing ditampa mau mung impèn waé. Nanging nabi sing nampa pangandika-Ku, medharna pangandika mau kanthi jujur. Damèn kuwi apa ajiné katandhing karo gandum?

29Pangandika-Ku presasat geni, utawa kaya palu sing ngremuk watu kilang nganti ajur mumur.

30Aku nglawan marang para nabi sing nyolong pangandika-Ku saka kancané, banjur medharaké kaya-kaya dhèwèké dhéwé sing nampa wangsit mau.

31Aku iya nglawan para nabi sing medharaké tembungé dhéwé, nanging kandha yèn kuwi pangandika-Ku.

32Rungokna pangandika-Ku, mengkono pangandikané Pangéran. Aku nglawan para nabi sing nyritakaké impèné apus-apusan, nganti nasaraké umat-Ku srana gorohé lan umuké. Para nabi mau ora padha Dakutus utawa Dakweling medhar wangsit apa-apa, mulané ora maédahi pisan-pisan marang bangsa iki. Aku, Pangéran wis ngandika!"

33Pangéran ngandika mengkéné marang aku, "Yérémia, yèn ana umat-Ku, utawa nabi utawa imam takon marang kowé, ‘Pangéran paring dhawuh apa?’ Kowé kudu kandha, ‘Kowé kuwi dadi momotan kagem Allah, mulané bakal dibuwang.’

34Menawa ana umat-Ku, utawa nabi, utawa imam nganggo tembung ‘momotané Allah’, wong kuwi bakal Daktumpes, mengkono uga brayaté.

35Nanging saben wong kandhaa karo kancané utawa seduluré, ‘Dhawuh wangsulané Pangéran utawa pangandikané Pangéran kepriyé?’

36Dadi saterusé ora kena padha muni ‘momotané Allah’, sebab menawa ana sing muni mengkono, Aku bakal ndadèkaké pangandika-Ku dadi momotan temenan kanggo wong mau. Sebab wong-wong kuwi wis padha ngowahi pangandikané Allah kang gesang, Pangéran Kang Mahakwasa.

37Para nabi padha takonana mengkéné, ‘Dhawuh wangsulané Pangéran kepriyé?’ utawa, ‘Pangandikané Pangéran kepriyé?’

38Menawa wong-wong mau padha ora ngèstokaké dhawuh-Ku lan tetep padha muni ‘momotané Pangéran’, kandhanana yèn

39wong mau bakal Dakjunjung lan Dakbuwang adoh saka ngarsa-Ku, bareng karo kutha sing Dakparingaké marang para leluhuré.

40Wong-wong mau bakal Dakgawé ora kajèn lan nandhang wirang sing bakal ora dilalèkaké ing selawas-lawasé."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel