Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 38 >> 

1Séfaca bin Mattan, Gedalya bin Pasyhur, Yukhal bin Malkia padha krungu pangandikané Pangéran sing dakkandhakaké marang wong akèh, mengkéné,

2"Sing sapa tetep manggon ing kutha kéné bakal mati ing peprangan, merga saka paceklik utawa pageblug. Nanging sing sapa metu saka kutha lan masrahaké awaké marang wong Babil bakal ora dipatèni. Saora-orané wong kuwi bakal bisa oncat lan slamet."

3Aku iya ngandhakaké wangsité Pangéran marang aku, mengkéné, "Kutha iki bakal Dakulungaké ing tangané wong Babil, lan bakal direbut."

4Aku banjur dicekel déning para pegawé lan diladèkaké Sang Prabu, aturé, "Tiyang menika kedah kaukum pejah. Sebab mungel ingkang kados mekaten, para serdhadhu ing kitha menika badhé kécalan semangat. Piyambakipun inggih mungel ingkang kados mekaten wau dhateng saben tiyang ingkang taksih manggèn ing kitha menika. Piyambakipun mboten suka pitulung dhateng tiyang-tiyang, nanging malah damel cilakanipun."

5Wangsulané Raja Zedekia, "Ya wis becik, lakonana sing dadi karepmu. Aku ora bisa menggak."

6Aku banjur digawa menyang sumuré pangéran Malkia, sing papané ana ing plataran kedhaton. Aku dilebokaké ing sumur, dikèrèk nganggo dhadhung. Sumuré asat, mung ana endhuté. Dadi aku ambles ana ing endhut mau.

7Èbèd-Mèlèkh, wong Sudan, abdiné Sang Prabu sing nyambut-gawé ana ing keputrèn ing kraton kono, krungu yèn aku dilebokaké ing sumur. Nalika semono Sang Prabu nampi wong sing padha séba ana ing Gapura Bènyamin.

8Èbèd-Mèlèkh banjur mrono, aturé marang raja,

9"Pendamelipun tiyang-tiyang dhateng Yérémia menika mboten leres. Piyambakipun dipun lebetaken ing sumur lan mesthi badhé pejah kaliren, margi ing kitha sampun mboten wonten tetedhan babar-pisan."

10Sang Prabu banjur dhawuh marang Èbèd-Mèlèkh supaya ngajak wong telu ngangkat aku saka njeroning sumur, sadurungé aku mati.

11Èbèd-Mèlèkh banjur mangkat karo wong telu menyang gudhangé kedhaton, njupuk sandhangan amoh, diedhunaké nganggo tali.

12Èbèd-Mèlèkh mbengoki aku; aku dikon ndèkèkaké gombalan mau ing ngisoré cangklakanku, supaya taliné ora natoni aku. Aku iya manut,

13nuli dikèrèk déning wong-wong mau metu saka sumur. Sawisé mengkono aku banjur ditahan ana ing plataran.

14Liya dina menèh aku disowanaké marang Sang Prabu ana ing Pedalemané Allah, ing gapura katelu. Sang Prabu ngandika mengkéné, "Kula badhé nyuwun pirsa dhateng panjenengan bab setunggaling prekawis, lan kula suwun panjenengan ngandika kalayan blaka."

15Aturku, "Menawi kula matur blaka, kula mesthi Panjenengan pejahi, lan menawi kula aturi pamrayogi, Panjenengan mesthi mboten kersa menggalih."

16Sang Prabu janji kanthi dhedhemitan mengkéné, "Demi Allah ingkang gesang, ingkang paring gesang dhateng kula sedaya, kula mboten badhé mejahi panjenengan utawi ngulungaken ing tanganipun tiyang ingkang ngangkah mejahi panjenengan."

17Aku banjur matur marang Sang Prabu menawa Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl ngandika mengkéné, "Menawa kowé masrahaké uripmu marang para perwirané raja ing Babil kowé bakal diéman lan ora dipatèni, nanging kutha iki bakal diobong nganti ludhes. Kowé lan kulawargamu bakal diuripi.

18Nanging yèn kowé ora teluk, kutha iki bakal kaulungaké ing tangané Babil, lan kaobong, sarta kowé bakal ora bisa oncat."

19Nanging Sang Prabu ngandika mengkéné, "Nanging kula ajrih dhateng sesami kula tiyang Israèl, ingkang sampun sami mlémbar dhateng tiyang Babil. Saged ugi kula dipun ulungaken dhateng piyambakipun, lajeng dipun siksa."

20Aku matur mengkéné, "Panjenengan mboten badhé kaulungaken dhateng tiyang-tiyang menika. Kula nyuwun kanthi sanget, Panjenengan mugi mbangun-turuta dhateng pangandikanipun Pangéran, murih samukawis prekawis badhé dados saé, lan Panjenengan badhé lestantun sugeng.

21Nanging Pangéran sampun paring tetingalan dhateng kula, menapa ingkang badhé kelampahan menawi Panjenengan mboten kersa teluk.

22Ing tetingalan wau kula sumerep tiyang-tiyang èstri ingkang kantun wonten ing kedhatonipun Yéhuda dipun irid medal dhateng raja Babil lan para perwiranipun. Kula aturi mirengaken menapa ingkang dipun ucapaken déning tiyang-tiyang èstri wau, ‘Sang Prabu wis dikianati déning para mitrané, Panjenengané wis dikalahaké. Lan bareng Panjenengané keblebek ing endhut, para mitrané padha ninggal Panjenengané.’"

23Aku nambahi, "Sedaya garwa lan putra Panjenengan badhé kairid medal déning tiyang Babil, lan Panjenengan piyambak mboten badhé saged oncat. Panjenengan lajeng badhé dipun tawan déning raja ing Babil, lan kitha menika badhé kabesmi telas."

24Raja Zedekia mangsuli, "Sampun ngantos wonten tiyang ingkang ngertos enggèn kita rembagan menika, supados panjenengan mboten pejah.

25Menawi para punggawa ngertos bilih kula sampun rembagan kaliyan Panjenengan, temtu sami badhé takèn dhateng Panjenengan menapa ingkang kula rembag kaliyan Panjenengan. Mesthi badhé sami janji mboten badhé mejahi Panjenengan, menawi Panjenengan nyriyosaken bab wau dhateng piyambakipun.

26Panjenengan sanjang kémawon, bilih Panjenengan nyuwun dhateng kula, murih mboten kawangsulaken dhateng pakunjaran malih lan pejah wonten ing ngriku."

27Para penggedhé pancèn banjur padha marani aku lan takon. Aku mangsuli plek kaya sing dingandikakaké déning Sang Prabu marang aku. Para penggedhé mau ora bisa kandha apa-apa, sebab ora ana wong sing neksèni pirembugané Sang Prabu karo aku.

28Aku tetep ditahan ana ing plataran kedhaton, nganti dinané Yérusalèm karebut déning mungsuh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 38 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel