Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 4 >> 

1Pangandikané Pangéran mengkéné, "Hé umat Israèl, menawa kowé arep bali, balia mréné. Yèn kowé mbuwang brahala-brahalamu sing Daksengiti kuwi lan kowé setya marang Aku,

2padha janjia sing temenan demi asmané Allah kang gesang. Nuli para bangsa kabèh bakal padha nyuwun supaya Dakberkahi lan bakal padha memuji asma-Ku."

3Pangandikané Pangéran marang wong Yéhuda lan wong Yérusalèm mengkéné, "Lemahmu sing bera padha lukunen; aja nyebar wiji ing tengahé erèn.

4Padha netepana prejanjianmu karo Pangéran, Allahmu, lan uripmu pasrahna marang Aku, hé kowé wong Yéhuda lan Yérusalèm. Yèn ora, paukuman-Ku bakal murub kaya geni, merga saka sakèhé kaluputan sing wis koklakoni. Mangka urubé bakal ora kena disirep, iya jalaran saka penggawému sing ala."

5Ngunèkna slomprèt rata satanah kabèh! Wartakna sing cetha lan sora! Wong Yéhuda lan wong Yérusalèm padha kandhanana supaya énggal padha ngungsi menyang kutha-kutha sing ana bètèngé.

6Tuduhna dalan sing menyang Sion! Padha mlayua supaya slamet! Aja mandheg-mangu! Pangéran bakal nekakaké paukuman lan karusakan gedhé saka Lor.

7Kaya singa sing metu saka grumbul pandhelikané, kaya mengkono juru-pangrusaké bangsa-bangsa wis budhal. Tekané bakal numpes Yéhuda. Kutha-kuthané Yéhuda bakal dadi gempuran, lan ora ana sing bakal manggon ing kono menèh.

8Mulané padha nganggoa sandhangan bagor, padha nangisa lan sesambata, merga paukumané Pangéran kang banter ora bakal mundur saka Yéhuda.

9Pangandikané Pangéran, "Ing dina kuwi raja-raja lan para penggedhé bakal padha entèk atiné lan kélangan kekendelané; para imam padha kagèt lan trataban, sarta para nabi padha gumun."

10Aku banjur matur, "Dhuh Pangéran, menapa Paduka mboten mbélani dhateng umat ing Yérusalèm menika? Paduka sampun ngandika, bilih badhé ndhatengaken katentreman, mangka samenika jebul pedhang ingkang katèmpèlaken ing gorokanipun."

11Bakal tekan wektuné wong Yérusalèm padha dikabari, yèn bakal ketekan angin panas saka punthuk-punthuké segara wedhi. Dudu angin lumrah, sing kena dienggo napèni, kanggo misahaké beras lan mrambut.

12Nanging angin kuwi bakal teka atas dhawuhé Pangéran lan banter banget! Gusti Allah piyambak sing dhawahaké paukuman marang wong-wong mau.

13Delengen, tekané mungsuh kuwi presasat mendhung. Krétané perang presasat lésus, jarané rikaté kaya manuk garudha. Adhuh cilaka aku, kita padha katumpes.

14Hé Yérusalèm, piala sing ana ing atimu kuwi kumbahen, supaya kowé dislametaké. Nganti pira lawasé enggonmu ngangen-angen arep gawé piala?

15Ana utusan-utusan padha teka saka Dhan lan saka Éfraim ngabaraké bab bakal tekané bebaya.

16Tekané para utusan awèh weruh marang para bangsa lan marang Yérusalèm, yèn mungsuh pirang-pirang teka saka negara adoh. Kanthi swara sora mungsuh-mungsuh bakal padha nantang kutha-kutha ing Yéhuda.

17Yérusalèm bakal dikepung lan ditunggoni, kaya carané wong nunggu pategalané, merga Yérusalèm wis nglawan Pangéran, Allahé. Pangéran, Allah, wis ngandika.

18Yéhuda! Sing nekakaké kuwi kabèh ora liya iya kowé dhéwé, merga patrapé uripmu lan penggawému. Iya dosamu sing marakaké kowé nandhang sangsara, nganti natoni atimu.

19Adhuh Israèl! Adhuh, dhadhaku lara banget! Jantungku! Jantungku dheg-dhegan kaya arep coplok-coploka! Aku ora bisa meneng; aku krungu swarané slomprèt, lan komandhoné perang.

20Karusakan siji disusul karusakan liyané; nganti satanah wrata wis dadi gempuran. Kémahku rusak dadakan, gordhèn-gordhèné suwèk kabèh.

21Nganti pira lawasé enggonku isih bakal ndeleng pangamuké peprangan iki lan krungu swaraning slomprèt?

22Pangandikané Pangéran, "Umat-Ku bodho banget; padha ora wanuh karo Aku. Enggoné padha keblinger kaya bocah sing ora ngerti apa-apa. Pinteré mung gawé piala, nanging ora ngerti gawé becik!"

23Aku ndeleng bumi, bumi katon cengkar lan bera! Aku ngawasaké langit, ing langit ora ana pepadhang!

24Aku ndelengaké gunung-gunung, gunung-gunung padha horeg, lan punthuk-punthuk padha gonjang-ganjing.

25Aku namataké, ing kono suwung, ora ana wongé, senajan manuk-manuk pisan wis padha mabur saka kono.

26Lemah sing loh wis dadi cengkar; kutha-kuthané wis dadi gempuran, merga saka paukumané Allah mulad-mulad.

27(Gusti Allah wis ngandika, yèn bumi bakal dadi ara-ara samun, nanging ora bakal Daksirnakaké!)

28Bumi bakal sedhih kaya wong sing kepatèn, langit bakal dadi peteng. Allah wis ngandika, lan penggalihé ora bakal éwah. Panjenengané wis ndhawahaké putusan, lan bakal ora dibatalaké.

29Krungu gemuruhé bala jaranan lan bala pemanah, wong-wong ing tanah kono bakal padha ngungsi. Salong bakal padha mlayu menyang alas, ana sing mènèk munggah ing parang-parang. Saben kutha bakal suwung, lan ora ana wong sing gelem manggon ing kono.

30Hé Yérusalèm, kowé wis ketiban paukuman! Yagéné kowé nganggo mori jingga? Yagéné kowé nganggo hiasan mas-masan lan mripatmu kokcelak? Enggonmu dandan kuwi ora ana gunané! Kowé wis ditampik déning dhemenanmu, malah kowé arep dipatèni.

31Aku krungu panjerit, kaya swarané wong wadon sing lagi nglarani, arep nglairaké anaké sepisanan. Kuwi panjerité Yérusalèm sing megap-megap ambekané. Ngegaraké tangané karo muni, "Aku ketekan paukuman! Wong sing arep matèni aku wis padha teka!"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel