1Sadurungé raja ing Mesir nyerbu kutha Gaza, Pangéran ngandika marang aku kanggo wong Filistéa mengkéné,
2"Delengen, bakal ana banjir teka saka tanah Lor, bakal mbludag kaya banjir bandhang. Bakal ngerobi tanah lan samubarang sing ana ing kono, kutha-kutha dalah wong sing padha manggon ing kono. Wong kabèh bakal padha bengok-bengok njaluk tulung, lan sajagad kabèh bakal padha nangis kelara-lara.
3Bakal keprungu swara gemruduging jaran lan kréta-perang. Para bapa bakal ora bali nggolèki anak-anaké, merga wis padha kentèkan tenaga.
4Wis tekan dinané Filistéa diremuk, lan kapedhotan bantuané Tirus lan Sidon. Aku, Pangéran sing bakal numpes wong Filistéa lan sakèhé wong sing asalé saka ing Kréta.
5Wong Gaza bakal ketekan pagiris, lan wong Askelon bakal padha blangkemen. Nganti tekan kapan wong Filistéa padha sedhih merga kepatèn wong-wongé?
6Kandhaa, ‘Nganti tekan kapan pedhangé Pangéran enggoné nyembelèhi? Balia menyang rangkamu menèh, ngasoa ana ing kono!’
7Nanging kepriyé bisané lèrèn, yèn isih Dakdhawuhi nyambut-gawé? Pancèn Dakdhawuhi nyerang Askelon lan sakèhé wong sing manggon ana ing pesisir."