Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 48 >> 

1Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa kanggo Moab mengkéné, "Cilaka kowé wong Nebo, merga kuthamu wis karusak! Kiryataim wis karebut, bètèngé wis dijugrugaké, wong sing padha manggon ana ing kono padha kwirangan.

2Kamulyané Moab wis ilang! Hèsbon wis karebut déning mungsuh, malah padha ngrancang arep nyirnakaké bangsa Moab. Kutha Madmon bakal ora ana swarané menèh; bakal dilurugi perang déning mungsuh.

3Wong-wong Horonaim padha sesambat, ‘Panindhes! Karusakan gedhé!’

4Moab wis dadi gempuran; rungokna tangisé bocah-bocah.

5Swarané wong nangis keprungu sedalan-dalan nganti tekan Luhit, lan pesambaté wong ing sauruté dalan sing anjog ing Horonaim,

6‘Rikat, mlayua golèka slamet!’ mengkono pangucapé, ‘Mlayua sing rikat kaya kuldi alasan!’

7Moab! Kowé ngendelaké kekuwatanmu lan kasugihanmu, éwasemono kowé bakal karebut lan katelukaké. Déwamu Kamos bakal kagawa menyang pembuwangan, bareng karo para penggedhé lan para imamé.

8Ora ana kutha sing bakal oncat saka karusakan. Lebak lan tanah ngaré bakal karusak kabèh. Mengkono pangandikané Pangéran.

9Gawéa watu nisan kanggo Moab; merga sedhéla engkas bakal karusak. Kutha-kuthané bakal dadi jugrugan, lan ora ana wong sing manggon ing kono menèh."

10Nampaa paukuman saben wong sing ora nglakoni pakaryané Allah kanthi tumemen lan tulusing ati! Kenaa ing laknat saben wong sing ora migunakaké pedhangé kanggo ngwutahaké getih!

11Pangandikané Pangéran mengkéné, "Moab wiwit biyèn mula uripé tentrem lan ora tau kaboyong menyang pembuwangan. Moab kuwi kaya anggur menep tanpa ana sing ngaru-biru, lan ora tau diiling saka wadhah siji pindhah wadhah sijiné. Rasané ora tau malih, tetep énaké kaya asliné.

12Saiki wis tekan mangsané Aku ngutus wong ngiling Moab kaya anggur. Angguré bakal disuntak saka wadhah-wadhahé, sawisé mengkono wadhah-wadhah guci-guci mau bakal diremuk.

13Wong Moab bakal kwirangan ing ngatasé Kamos, déwa sesembahané. Ora béda karo wong Israèl sing padha kwirangan ing ngatasé Bètèl, déwa sing diendel-endelaké.

14‘Hé wong Moab, yagéné kowé sesumbar yèn kowé kuwi pahlawan, serdhadhu peng-pengan ing peprangan!’

15Moab lan kutha-kuthané wis kagempur; para nonomané sing gagah-gagah wis mati disembelèh. Aku iki jumeneng raja, Pangéran Kang Mahakwasa. Mengkono pangandikané Pangéran.

16Ora suwé menèh Moab bakal ketekan paukuman; sedhéla engkas bakal katumpes.

17‘Padha nangisana Moab, hé sakèhé wong sing ana ing sakiwa-tengené, ya kabèh wong sing padha krungu kesuwuré.’ Padha ngucapa, ‘Pangwasané sing gedhé wis cunthel; kamulyané lan pangwasané wis tamat!’

18Hé sakèhé wong sing manggon ana ing Dibon, padha medhuna saka palungguhanmu sing dhuwur, lan lungguha ing jogan sing reged; sebab sing ngrusak Moab jumeneng ana ing kéné, Panjenengané wis nggempur bètèngé Moab kadadèkaké jugrugan!

19Hé sakèhé wong sing manggon ing Aroèr, padha ngadega ing sapinggiring dalan lan ngentènana; padha takona marang wong-wong sing padha keplayu, takonana apa sing padha dialami.

20Wong-wong mau bakal padha mangsuli, ‘Moab wis rubuh, padha tangisana. Moab wis dikalahaké, wartakna sauruté Kali Arnon, yèn Moab wis katumpes.’"

21"Kutha-kutha sing ana ing tanah lempar sing dhuwur wis padha ditibani paukuman: Holon, Yahas, Méfaat,

22Dibon, Nébo, Bèt-Diblataim,

23Kiryataim, Bèt-Gamul, Bèt-Méon,

24Kériot, lan Bozra, lan sakèhé kutha-kutha Moab sing adoh lan sing cedhak.

25Pangwasané Moab wis kaputung; kekuwatané wis pepes! Mengkono pangandikané Pangéran."

26Pangandikané Pangéran mengkéné, "Moab gawénen mendem, merga wis nglawan Aku. Moab bakal glimpangan ana ing utah-utahané dhéwé lan bakal digeguyu déning wong akèh.

27Moab, élinga nalika kowé padha moyoki wong Israèl, sing rumangsamu kokanggep maling.

28Hé sakèhé wong sing padha manggon ing Moab, lungaa saka kutha-kuthamu lan manggona ana ing gunung-gunung parang! Dadia kaya manuk dara sing gawé susuh ana ing tebingé jurang.

29Moab gemunggung banget! Aku wis krungu bab gemunggungé lan umuké. Bab enggoné ngendel-endelaké kekuwatané dhéwé.

30Aku, Pangéran pirsa angkuhé. Sing diegung-egungaké kuwi sejatiné mung angin, lan apa sapenggawéné bakal ora lestari.

31Mulané aku arep nangisi saben wong ing Moab lan wong sing padha manggon ing Kir Hèrès.

32Aku arep nangisi wong Sibma, luwih-luwih wong-wong ing Yaézèr. Hé kutha Sibma, kowé kuwi kaya wit anggur, sing pang-pangé mrambat tekan Segara Mati, terus tekan Yaézèr. Nanging saiki woh-wohanmu pametuné mangsa panas lan anggurmu wis rusak kabèh.

33Kabegjan lan kabungahan wis sumingkir saka palemahan subur ing Moab. Pemipitané anggur bakal Dakpepeti, nganti ora ngilèkaké anggur menèh, mula ora ana wong gawé ombèn-ombèn anggur lan suraké sing gawé bakal sirep.

34Wong-wong ing Hèsbon lan Eléalé padha sesambat, nganti keprungu ing Yahas lan Zoar, Horonaim lan Églat-Selisia. Kali Nimrin asat babar-pisan.

35Wong Moab bakal Dakcegah gawé kurban obongan ana ing papan-papan sing gawéné dienggo manembah lan gawé sesajèn marang brahala-brahalané. Mengkono pangandikané Pangéran.

36Dadi atiku nangisi wong Moab lan wong Kir Hèrès, kaya wong sing ngunèkaké suling samasa ana wong kepatèn, sebab barang-darbèké wis entèk kabèh.

37Wong kabèh wis padha nyukur sirahé lan ngethok jénggoté sarta natoni tangané, malah padha nganggo bagor.

38Ing payon-payoné omah lan ing alun-alun anané mung tangis, sebab Moab wis Dakremuk kaya grabah sing wis ora kanggo.

39Moab wis Dakremuk! Bengok-bengoka, yèn Moab wis dikalahaké. Moab wis dadi jugrugan. Bangsa-bangsa sakiwa-tengené padha nggeguyu lan moyoki. Mengkono pangandikané Pangéran."

40Pangéran wis ngandika yèn bakal ana bangsa sing nglayang kaya manuk garudha ana ing sandhuwuré Moab.

41Kutha-kuthané lan bètèngé bakal karebut. Ing dina kuwi para prejurité Moab bakal padha ketekan giris kaya wong wadon sing nglarani.

42Moab bakal katumpes lan wis mari olèhé dadi bangsa, merga enggoné nglawan marang Aku.

43Wong-wong Moab bakal ngadhepi panganiaya, luwangan lan kala-jiret. Mengkono pangandikané Pangéran.

44Sing sapa arep ngoncati panganiaya bakal kecemplung ing luwangan, lan sing sapa arep metu saka luwangan bakal kena kala-jiret, merga Pangéran wis netepaké dinané kasangsaran kanggoné Moab.

45Wong ngungsi padha golèk pengayoman ing Hèsbon, sing biyèn dadi kutha krajané Raja Sihon, nanging Hèsbon jebul suwung. Geniné ngobong pinggiré tanah pegunungan sing ndhuwur, panggonané wong Moab sing dhemen perang.

46Mesakaké temen wong Moab! Wong-wong sing padha nyembah Kamos bakal katumpes, anak-anaké lanang lan wadon bakal padha kaboyong dadi tawanan.

47Nanging mbésuk Pangéran bakal mbangun Moab dadi tanah sing makmur menèh. Apa sing didhawuhaké déning Pangéran saiki kanggo Moab bakal kelakon kabèh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 48 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel