Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 12 >> 

1Bakal tekan wektuné wong-wong padha menyanyi mengkéné, "Dhuh Allah, kawula saos sokur dhateng Paduka margi Paduka ngukum kawula, nanging sakmenika sampun luwar.

2Allah sing ngluwari aku; aku bakal kumandel lan ora kuwatir, merga Allah sing paring kekuwatan marang aku. Panjenengané kuwi pepujanku, lan tuké pitulunganku.

3Kaya banyu gawé segeré wong ngorong, mengkono uga umaté Allah padha bungah-bungah samasa dipitulungi déning Allah."

4Bakal tekan wektuné wong padha menyanyi, "Saosa puji sokur marang Allah, padha ndedongaa nyuwun pitulungané. Kaluhurané lan pakaryané wartakna marang para bangsa.

5Padha ngunjukna kekidungan marang Allah, merga Panjenengané nindakaké kaélokan akèh. Karebèn wong salumahé bumi padha krungu bab pakaryané sing élok.

6Wong sing manggon ing Sion, padha surak-suraka lan memujia kalawan bungah, merga Allahé Israèl kang mahaluhur lan suci dedalem ana ing tengahé umaté."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel