Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 13 >> 

1Wangsité Gusti Allah sing diparingaké marang Yésaya bin Amos bab kutha Babil mengkéné:

2Manjera umbul-umbul perang ana ing pucuk gunung sing gundhul! Para prejurit padha bengokana: tanganmu acungna minangka tandha yèn kudu padha nyerbu kutha sing angkuh kuwi, karo njebol gapura-gapurané,

3Gusti Allah wis nimbali prejurit-prejurit pilihan sing rosa-rosa, sing kendel lan kena diendelaké kanggo nyerang lan ngukum wong-wong sing diukum déning Allah.

4Rungokna swara gemuruh ing pegunungan swarané wong akèh sing padha nglumpuk, gemederé bangsa-bangsa lan kraton-kraton sing padha ndhapuk pepanthan-pepanthan. Allah Kang Mahakwasa lagi mriksa barisan sing siaga ing perang.

5Asalé saka tanah-tanah adoh ing endi-endi, kanggo nyirnakaké salumahing bumi merga saka dukané.

6Padha sesambata, merga dinané Pangéran wis cedhak. Ing dina kuwi Pangéran bakal nekakaké karusakan.

7Saben wong tangané tengen bakal apus lan ora duwé daya.

8Wong kabèh bakal ketaman giris lan kecandhak ing lara kaku saawak sekojur, ngolang-ngaling kaya wong wadon nglarani. Wong-wong mau padha pandeng-pandengan kanthi ati semplah, rainé abang mbranang merga kwirangan.

9Lah, wis tekan dinané Pangéran. Ing dina kuwi Pangéran ngetingalaké dukané kaya geni sing mulad-mulad. Bumi bakal didadèkaké karang abang, wongé ala dilebur.

10Lintang-lintang ing langit bakal ora ana soroté. Srengéngé samasa mlethèk bakal dadi peteng, lan rembulan bakal ora nyunaraké padhangé.

11Pangandikané Pangéran, "Bumi bakal Daksiksa lan sakèhé wong ala bakal Dakukum merga saka dosa-dosané. Wong gemedhé bakal Dakasoraké, wong angkuh lan ambek siya bakal Dakukum.

12Wong sing bisa oncat bakal mung sethithik cacahé, luwih langka lan larang regané ketimbang karo emas sing murni.

13Ing dina kuwi langit bakal gemeter lan bumi gonjang-ganjing merga saka paukumané Pangéran, Allah Kang Mahakwasa.

14Wong manca sing manggon ing Babil bakal énggal-énggal mlayu bali menyang negarané dhéwé-dhéwé. Padha pating slebar kaya kidang sing keplayu ngoncati juru bedhag, utawa kaya wedhus sing ditinggal pangoné.

15Sapa waé sing kecandhak bakal ditumbak nganti mati.

16Wong-wong mau bakal weruh bayi-bayiné dibantingi, omah-omahé dirampog lan bojoné dirusak kaurmatané."

17Pangandikané Pangéran, "Wong Madai Dakojok-ojoki nyerang kutha Babil. Wong kuwi ora gelem disuap nganggo slaka lan emas.

18Para nonoman bakal padha dipatèni nganggo panah lan gendhéwa. Wong-wong kuwi ora ngéman bayi utawa bocah.

19Ing antarané kraton-kraton kabèh. Babil sing éndah dhéwé, sing diegung-egungaké déning rakyaté. Nanging Aku, Pangéran, bakal numpes kutha Babil kaya carané enggon-Ku numpes Sodom lan Gomora.

20Ora ana wong siji waé sing kliwatan. Ing kono bakal ora ana wong Arab sing ngedegaké kémahé lan ora ana pangon sing bakal angon wedhusé.

21Mung kéwan alasan waé sing bakal manggon ana ing kono. Manuk beluk bakal nusuh, semono uga manuk unta bakal manggon ing kono. Wedhus-wedhus alasan bakal padha jingkrak-jingkrak ing antarané jejugrugan.

22Asu ajag lan asu wawar bakal padha mbaung ana ing menara-menara lan ing kedhaton-kedhaton Babil. Kraton kuwi wis nyedhaki dinaning sangsarané. Kena diétung, kari pirang dina engkas."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel