Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 15 >> 

1Wangsité Pangéran kanggo Moab mengkéné: Kutha Ar lan Kir wis disirnakaké sajroné sawengi, lan tanah Moab wis malih dadi sepi.

2Wong-wong sing manggon ing Dibon padha munggah ing punthuk-punthuk karo nangis ana ing panggonané brahala-brahala sing disembah. Wong sing padha manggon ana ing Moab padha nangisi kutha Nebo lan Médeba. Sirahé lan jénggoté padha dicukur minangka tandha yèn lagi padha kepatèn.

3Ing dalan-dalan padha nganggo bagor, tandha yèn lagi susah. Ing alun-alun lan ing payon-payoné omah wong padha sesambat karo nangis.

4Wong Hèsbon lan Eléalé padha jerit-jerit nganti keprungu tekan Yahas. Para serdhadhu dhéwé iya padha gemeter. Wis ilang kekendelané.

5Aku mesakaké karo Moab! Wong sing manggon ana ing kono padha ngungsi menyang kutha Zoar lan kutha Églat-Selisia. Ana sing munggah ing dalan sing tekan Luhit karo nangis; ana sing mlayu menyang Horonaim karo sambat-sambat lan ngadhuh-adhuh seru.

6Banyuné Kali Nimrin lan suket sing thukul ing pinggirané wis garing kabèh, ora ana thethukulan siji waé sing isih ijo.

7Wong padha nasak metu Lebak Haarabim, karepé arep nylametaké raja-branané.

8Ing ngendi-endi ing tapel watesé Moab keprungu tangisé wong. Sesambaté keprungu tekan Églaim lan Beèr-Élim.

9Ing Dibon banyuné kali malih dadi abang merga kecampuran getih. Lan Gusti Allah bakal nekakaké prekara-prekara sing luwih nggegirisi menèh tumrap wong-wong ing kana. Algojo sing diutus mrana bakal matèni wong Moab kabèh sing isih urip.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 15 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel