Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 22 >> 

1Pangandikané Allah kanggo Lembah Wahyu. Yagéné wong-wong ing kutha padha mungguh ing payon?

2Hé negara sing ramé lan kebak swarané wong sing padha surak-surak. Wongmu sing padha mati ing peprangan patiné ora merga saka pedhang.

3Para penggedhému padha keplayu lan ditawan sadurungé nglepasaké panahé.

4Wis, aku tinggalen, aku arep nangisi wong-wongku sing padha mati. Aku aja koklipur.

5Yaiki dina pesambat, pangiles-iles lan gègèran sing ditekakaké déning Pangéran Allah Kang Mahakwasa. Bètèngé kutha wis dijugrugaké, sambaté wong sing celuk-celuk njaluk tulung ngemandhang ing punthuk-punthuk.

6Para tentara jaranan saka tanah Élam padha ngebyuk, nggawa gegaman gendhéwa lan panah. Tentara saka tanah Kir wis siaga nganggo tamèng.

7Lembah-lembahé tanah Yéhuda sing subur wis kebak kréta perang. Tentara jaranan wis tekan ngareping gapura.

8Yéhuda wis ora kuwagang ngadhepi mungsuh. Yèn wis tekan semono kowé bakal ngetokaké gegaman saka gudhang simpenan.

9(22:9-10) Kowé iya banjur weruh endi témboké Yérusalèm sing kudu ditambal. Omah-omah ing Yérusalèm banjur kokpriksa. Ana omah sawetara sing kokjugrugaké, supaya watuné kena dienggo nambal bètèngé kutha.

10(22:9)

11Supaya duwé banyu ing njero kutha anaa tandhon kanggo nyimpen banyu sing mili saka blumbang tuwa. Nanging kowé ora nggatèkaké marang Allah sing wis lawas olèhé ngrancang supaya kuwi kabèh bisa kelakon.

12Nalika semono Pangéran Allah Kang Mahakwasa dhawuh supaya kowé padha nangis lan sesambat, nyukur sirahmu lan nganggo bagor,

13nanging kowé malah nggeguyu lan padha pésta. Padha nyembelèh wedhus lan sapi, mangan daging lan ngombé anggur karo muni, "Ayo padha mangan lan ngombé, sebab sésuk kita bakal mati!"

14Pangéran Allah Kang Mahakwasa piyambak sing ngandika marang aku, "Pialané wong kuwi sajegé ora bakal diapura. Aku, Pangéran Allah Kang Mahakwasa wis ngendika."

15Pangéran Kang Mahakwasa ngutus aku marani Sèbna, penggedhé sing ngurusi kedhaton. Dhawuhé Pangéran mengkéné,

16"Pangiramu kowé kuwi sapa, déné kumawani gawé kuburanmu ana ing gunung watu kéné?

17Bisa uga kowé wong gedhé, nanging Gusti Allah bakal ngangkat lan mbanting kowé, banjur dibuwang adoh,

18kaya carané wong mbuwang gulungan benang. Kowé bakal dibuwang menyang negara sing luwih gedhé lan mati ana ing antarané kréta-kréta perang sing kokegung-egungaké. Kowé wis gawé isiné bendaramu,

19mulané Gusti Allah bakal nglorod kowé saka pangkatmu sing dhuwur, diasoraké."

20Pangandikané Allah marang Sèbna, "Ing wektu kuwi Aku bakal nimbali abdi-Ku Èlyakim bin Hilkia.

21Jubahmu bakal Dakenggokaké marang wong kuwi, semono uga sabukmu bakal Daksabukaké, apa menèh pangwasamu bakal Dakparingaké. Èlyakim bakal dadi bapak tumraping rakyat ing Yérusalèm lan para umat ing Yéhuda.

22Wong kuwi bakal Dakdadèkaké pangwasa ana ing kratoné Dawud lan Dakpasrahi pangwasa gedhé. Apa sing diputus ora ana sing bisa mbatalaké.

23Aku bakal netepaké kalenggahané, kaya paku ana ing papan sing sentosa, sarta kulawargané kabèh bakal kinurmatan.

24Nanging sedulur-seduluré lan wong-wongé bakal dadi tanggungan abot. Wong-wong mau presasat grabah sing dicanthèlaké ana ing paku.

25Paku sing dipasang rosa mau suwé-suwé bakal coplok lan tiba. Lan kuwi bakal dadi wekasané sakèhé wong sing cemanthèl ana ing wong mau. Aku Pangéran Allah Kang Mahakwasa wis ngandika."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel