Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 47 >> 

1Pangéran ngandika mengkéné, "Babil, medhuna saka palungguhanmu, lan ndhéproka ana ing lemah. Biyèn kowé kaya prawan, nanging saiki kowé wis ora nengsemaké menèh! Saiki kowé dadi batur-tukon!

2Nyandhaka penggilingan lan nggilinga glepung! Krudhungmu copoten! Sandhanganmu sing apik uculana! Cincinga lan nyabranga ing kali!

3Karebèn wong-wong weruh wewadimu; lan weruh enggonmu diasoraké lan kwirangan. Aku mesthi bakal males lan ora ana wong sing bisa ngalang-alangi Aku."

4Pangéran, Allahé Israèl wis ngluwari kita, asmané kasebut Allah Kang Mahasuci.

5Pangandikané Pangéran marang Babil, "Lungguha sing anteng ana ing petengan. Kowé wis ora bakal disebut: ‘Ratuning bangsa-bangsa!’

6Nalika Aku duka, umat-Ku ora Daklayani kaya kagungan-Ku; nanging Dakdadèkaké tawananmu. Caramu ora nganggo welas-asih, malah wong sing tuwa koktangani kanthi kasar.

7Saka pangiramu kowé arep dadi ratu terus, lan ora tau kokgagas utawa koknyana yèn kuwi kabèh bakal ana wekasané.

8Saiki rungokna, hé wong sing nengenaké kesenengan, sing rumangsa wis aman lan tentrem. Kowé duwé penganggep yèn kaluhuranmu padha kaya Allah, lan ora ana wong liya sing kaya kowé. Kowé duwé pangira yèn ora bakal dadi randha, lan ora bakal ngrasakaké kélangan anak-anakmu.

9Nanging sajroning sedina kowé bakal ngalami karo-karoné, kélangan bojo lan kélangan anak, senajan kowé migunakaké kasektènmu sihir sakatogé.

10Sajroné nglakoni piala, kowé precaya marang awakmu dhéwé; kowé ngira ora ana wong sing weruh kowé. Kowé wis disasaraké déning kawicaksanan lan kapinteranmu dhéwé. Pangunandikamu, ‘Aku iki Allah, ora ana sing madhani aku.’

11Kowé bakal ketekan kasangsaran, lan ilmu sihirmu bakal ora bisa ngalang-alangi. Kowé bakal ketekan karusakan, sing ora tau koknyana-nyana!

12Kowé ngantepana japa-mantramu lan tenung-tenungmu, sing wis koklakoni wiwit cilik mula. Sokur yèn mengko ana gawéné kanggo kowé; sapa ngerti bisa kokenggo medèn-medèni mungsuhmu.

13Senajan olèh pamrayoga akèh, éwasemono kaananmu tetep apes. Juru nujummu konen mbiyantu kowé, kuwi lo wong-wong sing padha ngerti dayané lintang-lintang; sing padha nggambar pérangan-péranganing langit ana ing péta, sarta ngramal apa sing bakal kokalami saben sasiné.

14Wong Babil kuwi kaya damèn satekem, sing bakal ludhes kobong ing geni! Ora bisa oncat saka panasé, sebab urubé gedhé banget, ora kaya geni sing dienggo bedhiyang.

15Kuwi sing kena diramalaké tumraping awakmu déning para nujum, sing kokjaluki rembug sajegé uripmu. Wong kuwi lunga manut karepé dhéwé, lan kowé bakal ditinggal, ora ana wong sing kari mitulungi kowé."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 47 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel