Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 61 >> 

1Aku kepenuhan déning Rohé Pangéran Kang Mahakwasa. Aku dijebadi lan diutus déning Panjenengané, kadhawuhan martakaké kabar kabungahan marang wong miskin, nambani wong sing atiné semplah, ngumumaké pangluwaran marang wong tahanan, lan kamardikan marang wong sing dikunjara.

2Panjenengané ngutus Aku ngumumaké yèn wis tekan wektuné Allah mitulungi umaté lan nelukaké para mungsuhé. Aku diutus nglipur wong sing padha prihatin.

3Didhawuhi nggawa kabungahan marang wong-wong ing Sion, sing padha nandhang susah, supaya mari sedhihé lan uripé dadia seneng, supaya padha memuji merga wis ilang kasangsarané. Wong-wong mau bakal kaya wit-witan, sing ditandur déning Pangéran, lan padha dadi wong mursid. Mula Pangéran bakal kaluhuraké merga saka pakaryan sing wis ditindakaké.

4Wong-wong mau bakal mbangun kuthané menèh, sing wis lawas dadi gempuran.

5Hé umat-Ku, wong manca bakal padha ngladèni kowé. Bakal padha ngengon wedhusmu lan nggarap lemahmu sarta njaga kebon anggurmu.

6Kowé bakal kasebut imamé Pangéran, para abdiné Allah kita. Kasugihané para bangsa bakal dadi panganmu, lan bakal padha marem atiné déné bisa gawé senengé atimu srana barang-darbèké.

7Kawiranganmu lan kanisthanmu wis rampung, kowé bakal manggon ing tanahmu dhéwé, lan kasugihanmu bakal tikel-matikel, sarta kabungahanmu bakal ora ana entèké.

8Pangéran ngandika mengkéné, "Aku remen keadilan lan sengit marang panyia-nyia. Umat-Ku bakal Dakganjar miturut penggawéné, lan Aku bakal gawé prejanjian karo wong-wong kuwi.

9Umat-Ku bakal misuwur ana ing antarané para umat; saben wong bakal weruh yèn kuwi umat sing Dakberkahi."

10Yérusalèm bakal bungah-bungah merga pakaryan sing katindakaké déning Allah. Yérusalèm bakal kaya pengantèn wadon, sing dipaèsi arep ditemokaké, dienggoni karahayon lan kaunggulan.

11Kaya upamané winih sing thukul ing lemah, kaya mengkono Pangéran Kang Mahakwasa enggoné bakal nuwuhaké umaté, lan sakèhé bangsa bakal padha memuji asmané.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 61 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel