Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yoel 1 >> 

1Pangandikané Pangéran Allah sing kadhawuhaké marang Nabi Yoèl bin Petuèl.

2Hé para wong tuwa, padha nggatèkna; wong-wong ing Yéhuda, padha nitènana. Apa tau ana lelakon sing kaya mengkéné, sajegmu urip utawa ing jamané para leluhurmu?

3Anak-anakmu padha kandhanana; supaya padha nyritani anak-anaké, lan anak-anaké mau supaya nyritakaké marang anak-putuné.

4Walang mbrobol ambruk ngebyuki lan mangan tanduran; grombolan sing siji lunga, sijiné teka ngentèkaké sisané.

5Hé para wong mendem, padha tangia lan padha nangisa! Wohing anggur arep kanggo gawé minuman anyar wis rusak kabèh.

6Grombolan walang wis nyerang tanah kita, cacahé tanpa wilangan lan pangwasané gedhé; untuné landhepé kaya untu singa.

7Kuwi wis padha ngrusak srana ngemah-ngemah wit anggur kita. Kulité wit-wit mau wis dikrokoti, nganti pang-pangé padha katon putih.

8Padha nangisa hé wong kabèh, kaya prawan sing nangisi pacangané, sing mati sadurungé kawin.

9Gandum lan anggur sing arep kasaosaké ing Pedalemané Allah wis entèk. Para imam padha sesambat merga wis ora ana apa-apa, sing kena disaosaké marang Pangéran.

10Sawah-sawah padha bera; buminé mèlu ngenes, merga gandumé padha rusak, wité anggur padha dadi garing, sarta wit-wit zaitun padha alum.

11Hé para wong tani, padha sambat-sambata, sing padha jaga kebon anggur padha nangisa, merga gandum lan sair sarta pametuné bumi kabèh wis lebur.

12Wit-wit anggur lan zaitun wis padha alum, lan sakèhé wowohan wis mati garing; kabungahané wong wis sirna kabèh.

13Padha nganggoa bagor lan nangisa, hé sakèhé imam sing leladi ing mesbèh! Padha mlebua ing Pedalemané Allah lan sesambata. Wis ora ana gandum utawa anggur kanggo nyaosaké kurban dhaharan marang Allahmu.

14Padha umumna supaya wong padha pasa; wong-wong padha klumpukna! Para pemimpin lan sakèhé wong Yéhuda konen ngumpul ana ing Pasucèné Pangéran Allahmu, nuli padha nangisa marang Panjenengané.

15Dinané Pangéran wis cedhak; yakuwi dinané Allah nekakaké karusakan. Iba gedhéné bilai sing bakal katekakaké ing dina mau!

16Kita padha ora duwé daya apa-apa, jalaran pametuné bumi wis rusak kabèh. Ing Pedalemané Pangéran Allah kita wis ora ana kabungahan babar-pisan.

17Winih-winih padha mati garing ana ing njero lemah. Lumbung-lumbung wis padha resik gusis, lan gudhang-gudhang wis kothong lan wis padha ambruk.

18Kéwan-kéwan padha sangsara pating brengok, merga wis ora ana pangonan; mengkono uga pepanthaning wedhus padha nandhang sangsara kurang pangan.

19Kawula sami njerit dhateng Paduka, dhuh Pangéran, margi pangènan lan wit-witan sami garing, kados sami kebrongot ing latu.

20Ugi para kéwan galak sami sesambat dhateng Paduka, margi etuk-etuk sami asat sedaya.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yoel 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel