Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 12 >> 

1Nem dina sadurungé Riaya Paskah, Gusti Yésus tindak menyang désa Bètani; ana ing omahé Lasarus, sing wis tau mati, ditangèkaké menèh.

2Ana ing kono Gusti Yésus dicaosi dhahar; sing ngladèni Marta. Déné Lasarus lungguh kembul karo Panjenengané.

3Maryam nuli njupuk lenga wangi nared tulèn, sing ajiné akèh banget, boboté setengah liter, banjur dienggo njebadi sampéyané Gusti Yésus. Lenga mau nuli diusapi nganggo rambuté. Ambuné ngebeki saomah kabèh.

4Yudas Iskariot, panunggalané sekabaté Gusti Yésus, muni mengkéné:

5"Généa lenga wangi kuwi ora diedol waé, rak bisa payu akèh, nuli dhuwité didanakaké marang wong miskin?"

6(Enggoné Yudas muni mengkono mau ora kokmerga mikiraké nasibé wong miskin, nanging merga saka culikané. Yudas kerep nganggo dhuwit sing dadi rereksané.)

7Nanging Gusti Yésus ngandika: "Wis ta, wong wadon kuwi nengna waé, aja kokganggu! Penggawéné mengkono kuwi minangka pacawisan enggon-Ku mbésuk bakal dikubur!

8Awit wong miskin kuwi selawasé ana ing antaramu, nanging Aku ora selawasé ana ing antaramu."

9Akèh wong Yahudi sing padha krungu, yèn Gusti Yésus ana ing désa Bètani. Mulané wong-wong mau nuli padha nusul Panjenengané mrana. Enggoné marani Gusti Yésus kuwi ora mung merga kaélokan sing wis katindakaké, nanging uga padha kepéngin weruh Lasarus, sing wis urip menèh.

10Kuwi sebabé para pengareping imam uga kepéngin matèni Lasarus,

11jalaran akèh wong Yahudi sing padha ninggal para pemimpiné lan precaya marang Gusti Yésus, merga lelakoné Lasarus mau.

12Ésuké akèh wong sing wis padha teka ing kutha Yérusalèm, arep ngriayakaké Paskah. Wong-wong mau padha krungu, yèn Gusti Yésus isih ana ing dalan arep tindak mrono.

13Wong-wong mau nuli padha njupuk pang-pangé wit palem, banjur methukaké klawan surak-surak: "Pinujia Asmané Allah! Sugenga sing rawuh ing Asmané Pangéran! Sugenga ratuné wong Israèl!"

14Dhèk semana Gusti Yésus nitih kuldi, isih belo, cocog karo sing katulisan mengkéné:

15"Aja wedi, hé putri Sion! Delengen ratumu rawuh, nitih beloning kuldi."

16Nalika semana para sekabat durung padha ngerti apa tegesé kuwi mau kabèh. Nanging sawisé Gusti Yésus kaluhuraké, yakuwi sawisé sinalib lan wungu menèh, lagi padha kèlingan yèn lelakoné Gusti Yésus mau wis katulis ana ing Kitab Suci, lan saiki kelakon temenan.

17Wong-wong sing padha ndhèrèkaké Gusti Yésus nalika Panjenengané nimbali Lasarus metu saka ing kubur lan nangèkaké saka ing pati, ora uwis-uwis enggoné nyritakaké lelakon mau marang wong-wong liyané.

18Kuwi sebabé wong akèh padha methukaké Gusti Yésus, jalaran padha krungu bab lelakon sing wis ditindakaké.

19Wong Farisi padha rerasanan: "Kita padha ora olèh gawé! Delengen, wong sajagad wis padha kèlu karo Wong kuwi!"

20Ing antarané wong akèh sing padha teka ing kutha Yérusalèm arep nindakaké ibadah sajroné dina riaya mau, ana wongé Yunani sawetara.

21Wong-wong mau padha nemoni Filipus lan kandha: "Sedhèrèk, kula kepéngin kepanggih kaliyan Guru Yésus!" (Filipus kuwi wong saka kutha Bètsaida ing tanah Galiléa.)

22Filipus nuli kandha karo Andréas, wong loro mau banjur padha matur marang Gusti Yésus.

23Panjenengané nuli ngandika marang para sekabat mau: "Saiki wis tekan wektuné Putraning Manungsa diluhuraké.

24Padha élinga, yèn wiji gandum sing ditandur ing lemah lan mati, wiji mau ora bakal tetep mung seglintir waé. Nanging sawisé wiji mau mati, bakal ngetokaké woh akèh.

25Wong sing nengenaké uripé ing donya kéné, bakal kélangan urip sing sejati. Nanging wong sing nyingkur uripé dhéwé ing donya kéné, bakal ngalami urip sejati, sing langgeng.

26Wong sing ngawula marang Aku, kuwi kudu ngetut buri Aku, supaya bisa mèlu Aku menyang endi waé paran-Ku. Wong sing ngawula marang Aku, kuwi bakal dimulyakaké déning Rama-Ku."

27"Saiki ati-Ku was-was. Banjur arep matur apa? Apa Aku kudu matur: ‘Rama, mugi sampun négakaken Kawula ngalami kasangsaran menika?’ Ora, sebab enggon-Ku urip tekan sepréné iki preluné supaya ngalami kasangsaran mau.

28‘Dhuh Rama, Asma Paduka mugi kaluhuraken.’" Nuli ana swara saka ing langit: "Wis Dakluhuraké, lan isih bakal Dakluhuraké menèh."

29Wong akèh sing ana ing kono padha krungu swara mau. Wong-wong nuli padha rerasanan: "Kuwi swarané gludhug!," nanging ana uga sing kandha: "Dudu! Ana malaékat sing lagi ngandikan karo Panjenengané."

30Gusti Yésus nuli ngandika marang wong akèh mau: "Anané swara kuwi ora kanggo Aku, nanging kanggo kowé.

31Saiki wis tekan wektuné jagad iki diadili. Saiki penggedhéné jagad iki bakal ditelukaké.

32Mengko samangsa Aku wis dipanjer, Aku bakal nggèndèng wong kabèh mèlu Aku."

33Enggoné ngandika mengkono kuwi kanggo nuduhaké patrapé Gusti Yésus enggoné bakal disalib.

34Wong akèh mau nuli matur marang Panjenengané: "Manut suraosé Kitab-kitab, Sang Kristus ingkang badhé rawuh menika badhé gesang ing selami-laminipun; kadospundi déné Panjenengan kokngandika, bilih Putraning Manungsa menika kedah nglampahi sinalib? Lajeng Putranipun Manungsa menika sinten?"

35Pangandikané Gusti Yésus: "Mung kari sawetara mangsa Pepadhang ana ing tengahmu. Mulané terusna lakumu, mumpung Sang Pepadhang isih ana ing tengahmu, supaya kowé aja kesaput ing pepeteng. Wong sing mlaku ing pepeteng ora ngerti bakal tekan endi.

36(12-36a) Precayaa marang Pepadhang kang ana ing tengahmu, supaya kowé padha dadi Putraning Pepadhang." (12-36b) Sawisé ngandika mengkono, Gusti Yésus nuli tindak saka kono lan ora kersa ngetingal menèh ing ngarepé wong akèh.

37Akèh banget mujijat lan kaélokan sing ditindakaké ana ing ngarepé wong akèh mau. Éwasemono wong-wong mau meksa ora precaya marang Panjenengané.

38Srana mengkono kelakon temenan, apa sing wis kaweca déning Nabi Yésaya, sing uniné mengkéné: "Dhuh Pangéran, sinten ingkang pitados dhateng pawartos kawula? Sinten ingkang kepareng ningali kwaosipun Allah?"

39Wong-wong mau padha ora bisa precaya, merga Nabi Yésaya wis ngandika mengkéné:

40Gusti Allah ngandika, "Mripaté wis Dakgawé wuta, atiné dadi kaku, lan nalaré banjur peteng; supaya wong-wong mau aja padha mratobat, temahan Dakwarasaké."

41Enggoné Nabi Yésaya ngandika mengkono mau merga wis pirsa marang kamulyané Gusti Yésus.

42Éwasemono akèh uga para penggedhéné wong Yahudi sing padha precaya marang Gusti Yésus. Nanging wong-wong kuwi ora wani ngakoni precayané terang-terangan, merga padha wedi, aja-aja disébrataké saka sinagogé déning para wong Farisi.

43Wong-wong kuwi padha luwih seneng diurmati déning manungsa ketimbang nampa pakurmatan sing saka Gusti Allah.

44Gusti Yésus nuli ngandika: "Wong sing precaya marang Aku, kuwi ora mung Aku sing diprecaya, nanging uga Panjenengané sing ngutus Aku.

45Sing sapa ndeleng Aku, kuwi uga ndeleng Panjenengané sing ngutus Aku.

46Teka-Ku ing jagad iki dadi Pepadhang, supaya wong sing precaya marang Aku, ora tetep ana ing pepeteng.

47Dudu Aku sing bakal ngadili wong sing padha krungu, nanging ora nglakoni piwulang-Ku. Merga teka-Ku ora arep ngadili jagad, nanging arep nylametaké.

48Wong sing ora precaya lan ora gelem manut marang pitutur-Ku, kuwi ana sing ngadili dhéwé. Iya Injil sing Dakwartakaké, kuwi sing bakal dadi hakim, sing ngadili wong-wong mau ing Dina Kiamat!

49Lan pancèn mengkono! Merga Aku ora tau memulang metu saka karep-Ku dhéwé. Sang Rama sing ngutus Aku, Panjenengané kuwi sing dhawuh marang Aku samubarang sing kudu Dakkandhakaké utawa Dakwulangaké.

50Lan Aku ngerti yèn dhawuhé Sang Rama kuwi dalaning urip sing sejati. Mulané apa sing Dakkandhakaké iki, kabèh merga saka dhawuhé Sang Rama."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel