Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 14 >> 

1Pangandikané Gusti Yésus marang para sekabat: "Atimu aja was-was. Padha ngandela marang Gusti Allah, lan iya ngandela marang Aku.

2Ing dalemé Rama-Ku akèh panggonan; mulané Aku mrana supaya nyawisaké panggonan kanggo kowé. Saupama ora mengkono, mesthi kowé ora padha Dakkandhani.

3Sawisé Aku nyawisaké panggonan kanggo kowé, nuli Aku bakal bali mréné methuk kowé, supaya kowé uga anaa ing papan sing Dakenggoni mau.

4Panggonan sing Dakparani, kowé wis padha weruh dalané."

5Tomas nuli nyuwun pirsa: "Guru, kula sami mboten ngertos papan ingkang Panjenengan tuju, kadospundi enggèn kula sumerep merginipun?"

6Gusti Yésus ngandika: "Aku iki dalané marang Gusti Allah lan Aku sing nuduhaké, Gusti Allah kuwi sapa lan kepriyé kaanané; Aku uga sing mènèhi urip marang manungsa. Ora ana wong siji waé sing bisa sowan marang Sang Rama, yèn ora lantaran Aku.

7Yèn kowé wanuh marang Aku, kowé iya mesthi wanuh karo Rama-Ku. Wiwit saiki kowé wanuh karo Sang Rama, lan wis ndeleng Panjenengané."

8Filipus nuli matur: "Gusti, kawula mugi Panjenengan tedahi Sang Rama menika, supados kawula sami marem."

9Pangandikané Gusti Yésus: "Wis semono lawasé enggon-Ku urip bebarengan karo kowé kabèh; éwasemono kowé kokrumangsa durung wanuh karo Aku, Filipus! Sing sapa wis ndeleng Aku, kuwi uga wis ndeleng Sang Rama; kepriyé déné kowé muni: ‘Kawula mugi Panjenengan tedahi Sang Rama?’

10Apa kowé ora ngandel yèn Aku lan Sang Rama kuwi siji? Sarta Sang Rama lan Aku kuwi siji? Kabèh sing Dakkandhakaké marang kowé kuwi ora metu saka karep-Ku dhéwé. Nanging Sang Rama sing ana ing Aku, sing nindakaké kuwi mau kabèh.

11Ngandela, yèn Aku lan Sang Rama kuwi siji, sarta Sang Rama lan Aku kuwi siji. Utawa apa kowé ora ngandel karo apa sing wis Daklakoni mau?

12Aku kandha satemené marang kowé: Wong sing precaya temenan marang Aku, bakal bisa nglakoni prekara-prekara sing wis Daktindakaké, malah wong kuwi bisa nindakaké prekara-prekara sing luwih gedhé ketimbang karo kuwi. Sebab Aku bakal sowan menyang ngarsané Rama-Ku.

13Apa waé sing koksuwun atas jeneng-Ku, bakal Daksembadani, supaya Sang Rama kaluhuraké lantaran Sang Putra.

14Nyuwuna apa waé atas jeneng-Ku, Aku bakal nyembadani."

15"Menawa kowé padha tresna marang Aku, padha nglakonana pepakon-Ku.

16Aku bakal nyuwun marang Sang Rama, nuli kowé bakal padha diparingi Juru Panglipur liyané, yakuwi Rohé Allah, sing nuduhaké bab kersané Gusti Allah. Roh mau bakal nunggal karo kowé selawasé.

17Jagad ora bisa nampani Rohé Allah, sebab ora bisa ndeleng Rohé Allah mau, lan ora wanuh marang Panjenengané. Nanging kowé wanuh marang Panjenengané, merga Panjenengané tansah nunggal karo kowé lan dedalem ana ing njeromu.

18Aku ora bakal négakaké kowé; kowé ora bakal padha kapiran. Aku bakal bali menèh.

19Sedhéla engkas, jagad bakal ora ndeleng Aku, nanging kowé bakal padha ndeleng Aku; lan merga Aku urip, kowé iya bakal padha urip.

20Ing wektu kuwi kowé bakal ngerti yèn Aku ana ing Sang Rama, mengkono uga kowé padha ana ing Aku, lan Aku ana ing kowé.

21Sing sapa nampani lan nglakoni pepakon-pepakon-Ku, kuwi ateges tresna marang Aku. Rama-Ku bakal nresnani wong sing tresna marang Aku. Aku uga bakal nresnani wong mau, lan Aku bakal blaka marang wong mau, sapa Aku iki sejatiné."

22Yudas, dudu Yudas Iskariot, nyuwun pirsa marang Gusti Yésus: "Gusti, kénging menapa Panjenengan kersa mblakakaken bab Panjenengan piyambak dhateng kula sedaya, nanging mboten kersa blaka dhateng jagad?"

23Pangandikané Gusti Yésus: "Wong sing tresna marang Aku kuwi wong sing nglakoni piwulang-Ku. Sang Rama bakal nresnani wong mau. Rama-Ku lan Aku dhéwé bakal nekani wong kuwi lan manggon bebarengan ana ing wong kuwi.

24Wong sing ora tresna marang Aku, kuwi ora nglakoni piwulang-Ku. Piwulang sing kokrungu, kuwi dudu piwulang-Ku, nanging piwulang saka Sang Rama, sing ngutus Aku.

25Kabèh kuwi Dakkandhakaké marang kowé, mumpung Aku isih awor karo kowé.

26Déné sing arep mulangaké sakèhing prekara mau marang kowé kuwi Sang Roh Suci. Panjenengané kuwi Sang Juru Tetulung, sing bakal diutus déning Sang Rama atas saka jeneng-Ku. Sang Juru Tetulung kuwi sing bakal ngélingaké kowé prekara-prekara sing wis Dakwulangaké marang kowé.

27Kowé padha Daktinggali katentreman. Yakuwi katentreman-Ku dhéwé sing Dakwènèhaké marang kowé. Cara-Ku mènèhi katentreman mau ora kaya patrapé jagad; atimu aja was-was. Kowé aja padha wedi.

28Kowé wis krungu: ‘Aku bakal lunga, nanging Aku bakal bali menèh.’ Yèn kowé tresna marang Aku, kowé bakal bungah, samangsa Aku lunga menyang ngarsané Rama-Ku, merga Sang Rama kuwi ngluwihi Aku.

29Kowé padha Dakwènèhi weruh saiki, sadurungé kabèh mau kelakon, supaya kowé padha precaya.

30Aku ora arep rembugan akèh-akèh menèh karo kowé, awit penggedhéné jagad (yakuwi Iblis) iki wis teka. Nanging Iblis ora duwé pangwasa ing ngatasé Aku.

31Nanging jagad prelu ngerti yèn Aku tresna marang Sang Rama, lan kuwi sebabé déné Aku mung nglakoni apa sing didhawuhaké marang Aku. Ayo, kita padha lunga saka kéné."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel