Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yunus 3 >> 

1Gusti Allah banjur ngandika kaping pindhoné marang Nabi Yunus.

2Pangandikané, "Lungaa menyang Ninewé, kutha gedhé kuwi lan wartakna pangandika sing wis Dakparingaké marang kowé."

3Nabi Yunus ngèstokaké pangandikané Pangéran, banjur budhal menyang Ninewé, kutha sing jembaré yèn ditrabas lakon telung dina.

4Yunus banjur mlebu ing kutha mau, lan sawisé mlaku sedina muput banjur wiwit medhar pangandika, "Sajroné patang puluh dina Ninewé bakal katumpes!"

5Wong Ninewé ngandel karo pangandikané Allah mau, mula padha mutusaké yèn saben wong kudu pasa; kabèh, gedhé cilik padha nganggo bagor, kanggo nélakaké yèn padha nlangsani dosa-dosané.

6Bareng Sang Prabu ing Ninewé mireng bab mau kabèh, banjur tedhak saka dhamparé, nyopot jubahé, nuli ngagem ageman bagor, sarta nglésod ana ing awu.

7Panjenengané banjur ngutus utusan ngumumaké marang wong Ninewé kabèh mengkéné, "Iki dhawuhé Sang Prabu lan para penggedhé abdiné: Aja ana wong sing mangan apa-apa; ya sakèhé wong, ya sakèhé sapi lan wedhus aja padha mangan utawa ngombé.

8Manungsa lan kéwan kudu padha nganggo bagor. Lan saben wong kudu nyenyuwun temenan marang Pangéran lan kudu ninggal penggawéné sing ala.

9Muga-muga merga saka mengkono Pangéran santun penggalihé, lan murungaké kersané enggoné bakal nekakaké paukuman, sarta kita bakal padha ora nemahi mati!"

10Gusti Allah mirsani apa sing padha ditindakaké déning wong-wong Ninewé mau, yakuwi enggoné padha marèni nindakaké penggawé ala. Mulané Panjenengané santun penggalihé, ora sida mbendoni wong Ninewé, kaya sing wis didhawuhaké.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yunus 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel