Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yunus 4 >> 

1Nabi Yunus ora seneng banget karo lelakon mau, mula banjur nepsu.

2Sarta banjur ndedonga, unjuké, "Dhuh Pangéran, sadèrèngipun bidhal saking griya, kawula rak sampun matur, bilih Paduka mesthi badhé tumindak mekaten? Pramila kawula badhé mlajeng dhateng Spanyol! Kawula mangertos bilih Paduka menika Allah ingkang sipat mirah lan asih-mirma, sabar, welasan, sarta tansah kersa santun penggalih lan mboten lajeng ngukum.

3Sarèhné mekaten, dhuh Allah, kawula aluwung kapundhuta kémawon. Langkung saé pejah, ketimbang gesang."

4Paring wangsulané Pangéran, "Enggonmu nepsu kuwi apa maton?"

5Nabi Yunus banjur metu saka kutha kono, lunga menyang sawétané kutha, banjur lungguh. Ana ing kono Yunus gawé gubug kanggo ngéyub, ngiras ngentèni kepriyé bakal kedadéané kutha Ninewé.

6Pangéran banjur nukulaké wit sing dhuwuré ngungkuli sirahé Yunus, supaya nabi mau ora kepanasen, lan bisa lungguh ing kono kanthi senenging atiné. Nabi Yunus bungah banget merga wit mau.

7Nanging ésuké, nalika srengéngé arep mlethèk Gusti Allah dhawuh marang uler ngrikiti wit mau, nganti wité banjur mati.

8Bareng srengéngéné wis dhuwur Gusti Allah nekakaké angin panas saka Wétan, nganti Nabi Yunus mèh semaput, merga sirahé kepanasen. Mulané Yunus kepéngin énggala kapundhut waé. Kandhané, "Aku luwih becik mati ketimbang urip."

9Nanging Gusti Allah ngandika marang Yunus, "Enggonmu nepsu marang wit kuwi apa wis maton?" Unjuké Yunus, "Sampun; cekakipun cekap kanggé alasan nglampahi pejah!"

10Pangandikané Pangéran marang Yunus, "Wit kuwi thukul sajroning wektu sewengi lan ésuké mati. Wit mau rak ora kokkapak-kapakaké lan rak dudu kowé sing nggedhèkaké—éwasemono kowé nggetuni matiné wit mau.

11Luwih menèh kutha Ninewé kanggoné Aku. Apa kutha gedhé kuwi ora kudu Dakéman. Ing kutha mau bocahé cilik waé cacahé 120.000, durung kéwan-kéwané sing iya akèh cacahé?"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yunus 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel