Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Efesus 3 >> 

1Iya iku sababé aku iki, Paulus, dikunjara marga saka Kristus Yésus kanggo kowé wong-wong kang dudu Yahudi,

2Kowé rak wis padha krungu bab ayahaning sih-rahamaté Allah, kang kapitayakaké marang aku marga saka kowé kabèh,

3yaiku anggonku wis kasumurupaké bab wewadi iku srana wahyu, kaya kang wis daktulis ing dhuwur kanthi ringkes.

4Yèn kokwaca, kowé bisa nyumurupi pangertènku bab wewadiné Kristus,

5kang ing biyèn-biyèné ora kawartakaké marang anak-anaké manungsa, nanging kang saiki kawedharaké sajroning Roh marang rasul-rasul lan nabi-nabiné Gusti kang suci,

6yaiku menawa wong-wong dudu Yahudi, marga saka Injil mèlu dadi ahli waris lan gegelitaning sarira sarta mèlu duwé panduman ana ing prasetyan kang kaparingaké ana ing Kristus Yésus.

7Krana Injil iku aku wus dadi abdiné miturut ganjaraning sih-rahmaté Allah kang kaparingaké marang aku cocog karo makaryaning pangwaosé.

8Aku, wong kang asor dhéwé ing antarané para suci kabèh, wis kaparingan sih-rahmat iki, kanggo martakaké marang wong-wong dudu Yahudi bab kasugihané Kristus, kang ora kena kinira-kira iku,

9sarta kanggo nerangaké marang wong kabèh apa isiné ayahaning wewadi kang wis atusan taun kineker ing Allah, kang nitahaké samubarang,

10supaya saiki sawarnaning kawicaksanané Allah disumurupaké marang para pamaréntah lan para pangwasa ing swarga lantaran pasamuwan,

11laras karo karsané kang langgeng, kang wus katindakaké ana ing Kristus Yésus, Gusti kita.

12Ana ing Panjenengané kita olèh kakendelan lan dalan kang anjog ing ngarsané Allah kalawan kebak ing pangandel marga saka pracaya kita marang Panjenengané.

13Mulané panjalukku marang kowé kabèh, aja nganti padha semplah nyawang marang kasangsaranku marga saka kowé, awit kasangsaranku iku kamulyanmu.

14Iya iku mulané aku sujud ana ing ngarsané Sang Rama,

15kang saka Panjenengané sakèhing trah kang ana ing swarga lan ing bumi padha kaparingan jeneng.

16Aku ndedonga supaya Panjenengané, saka gunging kamulyané nyantosakaké kowé srana pangwasa lantaran Rohé ing batinmu,

17temahan marga saka pracayamu, Kristus dedalem ana ing atimu sarta kowé padha ngoyoda lan tetalesa ing katresnan.

18Aku ndedonga, supaya kowé karo sakèhing para suci bisa nyumurupi sapira ambané lan dawané sarta dhuwuré lan jeroné sihé Kristus

19sarta bisa ngawruhi marang sihé kang ngungkuli sakèhing kawruh iku. Aku ndedonga, supaya kowé padha kapenuhan kasampurnaning Allah.

20Kagem Panjenengané, kang kwaos nindakaké luwih akèh tinimbang apa kang kita dongakaké utawa kita pikir, kaya kang kacetha ana ing daya-kakuwatan kang makarya ana ing kita,

21iya Panjenengané iku kang sayogya kasaosan kamulyan turun-tumurun nganti salawas-lawasé ana ing pasamuwan lan ana ing Kristus Yésus. Amin.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Efesus 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel