Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 122 >> 

MASMUR 122; Pandonga nyuwunake tataraharjane kutha Yerusalem

1Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud. Aku bungah nalika ana wong kang kandha marang aku mangkene: “Ayo padha munggah menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah.”

2Saiki sikilku padha tumapak ana ing gapuramu, he Yerusalem.

3He Yerusalem, kang wus kaadegake dadi kutha sesanggitan rapet,

4kang kaunggahan dening para taler, yaiku para taler kagunganing Sang Yehuwah, prelu padha ngucap sokur marang asmaning Sang Yehuwah, nocogi pranatan tumrap Israel.

5Awit ing kono prenahe dhampar-dhamparing pangadilan, dhampare trahe Prabu Dawud.

6Yerusalem padha suwunna tentrem rahayu: “Sakehing wong kang tresna marang kowe ginanjara kasantosan.

7Tentrem rahayu anaa sajroning balowartimu, lan kasantosan anaa ing kadhatonmu.”

8Marga saka para sadulurku lan para mitraku, aku dakngucapake: “Tentrem rayahu anaa ing kowe.”

9Marga saka padalemane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahku, aku bakal padha ngupaya apa kang becik tumrap kowe.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 122 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel