Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Korintus 3 >> 

Para abdining prajanjian kang anyar

1Apa aku wiwit ngalem marang awakku dhewe maneh? Utawa apa prelu aku kaya wong-wong liya nuduhake layang pangalembana marang kowe utawa saka kowe?

2kowe iku layang pangalembanaku kang katulis ing atiku lan kang disumurupi sarta kang bisa kawaca dening wong kabeh.

3Awit wus tetela, manawa kowe iku layange Sang Kristus, kang daktulis ing sajrone aku padha leladi, katulis ora nganggo mangsi, nanging nganggo Rohe Gusti Allah kang asipat gesang, dudu ing papan watu, nanging ing papan daging, yaiku ing atine manungsa.

4Iya kaya mangkono iku gedhening kayakinanku marang Gusti Allah marga saka Sang Kristus.

5Manawa aku dhewe ora bisa nganggep apa-apa iku pagaweanku dhewe; ora, anggonku bisa nindakake apa-apa iku marga saka pakaryaning Allah.

6Panjenengane uag kang wus mbisakake aku padha dadi abdining prajanjian anyar, kang ora saka angger-angger kang katulis, nanging saka Roh, sabab angger-angger kang katulis iku mateni, dene Roh iku nguripake.

7Pranatan leladi kang nuntun marang pati iku katulis ing watu kalawan aksara. Ewasamono nalika kaparingake sinartan kamulyaning Allah, kang njalari wong Israel padha ora betah nyawang marang wedanane Nabi Musa, marga kadunungan kamulyan, sanadyan kamulyan mau bakal sirna,

8mendahane maneh ayahan ing Roh yen oraa kadunungan kamulyan kang ngluwihi iku.

9Awit, manawa ayahan kang nekakake paukuman iku luhur, mendahane maneh ayahan kang ngolehake kabeneran yen oraa ngluwihi kamulyane.

10Satemene apa kang biyen kaanggep luhur, iku dudu apa-apa manawa katandhingake karo kamulyan kang pinunjul iki.

11Awit manawa kang bisa sirna bae kinanthenan kamulyan, apamaneh kang tetep ora sirna yen oraa kinanthenan kamulyan kang ngluwihi iku.

12Sarehne aku padha duwe pangarep-arep kang kaya mangkono, mulane aku padha tumindak kanthi kebak ing kakendelan,

13ora kaya Nabi Musa, kang nganggo nutupi wedanane, supaya mripate wong-wong Israel aja nganti padha ndeleng ilanging cahyane kang mung sadhela anane iku.

14Nanging budine wong-wong iku wus padha dadi kethul, sabab nganti ing dina iki tutup iku mau isih tetep nutupi wong-wong mau, pamacaning prajanjian lawas tanpa kaungkapan, marga mung Sang Kristus piyambak kang bisa ngicali tutup iku.

15Malah nganti ing dina iki, saben maca kitab Musa, isih ana tutup kang nutupi atine.

16Nanging wong kang mratobat marang Gusti, iku tutupe banjur kasingkirake.

17Awit Gusti iku Sang Roh; lan ing ngendi ana Rohing Allah ing kono ana kamardikan.

18Lan kita kabeh iki padha ngatonake kamulyane Gusti kalawan rai kang ora katutupan kaya ana ing pangilon sarta padha kasalinan rupa madhani pasemone iku kalawan kamulyan kang mundhak-mundhak, kang asale saka Gusti kang asipat Roh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (2 Korintus 3):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  2 Korintus 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel