Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 29 >> 

Ayub nerangake kabegjane ing maune lan bareng nandhang sangsara

1Ayub tumuli mbacutake andharane, calathune:

2“Ah, bok iya aku kaya sasi-sasi kang kepungkur, kaya ing dina-dina nalika Gusti Allah rumeksa marang aku,

3nalika dilahe mayungi sirahku, sarta kalawan sinuluhan ing padhange anggonku lumaku ing pepeteng;

4kaya nalika mempeng-mempenging umurku, nalika tarubku kayoman ing pitepanganing Allah,

5nalika Kang Mahakuwasa isih nunggil karo aku, tuwin aku rinubung ing anak-anakku,

6nalika tapaking sikilku adus susu, lan gunung parang padha metu kaline lenga ana ing sacedhakku.

7Samangsa aku metu menyang ing sakethenging kutha, tuwin nata palungguhanku ana ing tengahing alun-alun,

8para nonoman bareng weruh tekaku banjur padha mundur, dene para wong kang wus uwanen padha ngadeg mapan;

9para panggedhe padha leren anggone guneman padha nutupi tutuke;

10sidhem swarane para pangarep, ilate kraket ing cethake.

11Samangsa kuping krungu bab aku, aku banjur diarani rahayu, lan saben mripat kang ndeleng, aku mesthi dialembana.

12Awit wong kang sangsara kang njaluk tulung iya banjur dakpitulungi, samono uga bocah lola lan wong kang sepi ing pitulungan.

13Wong kang arep nemu bilai ngucapake berkah marang aku, sarta aku gawe bungahing atine randha.

14Kabeneran kang dadi sandhanganku tuwin aku nganggo kaadilan kayajubah lan sreban.

15Aku dadi mripat tumrap wong wuta, sarta dadi sikil tumrap wong lumpuh.

16Aku dadi bapa tumrap wong miskin, tuwin prakarane wong kang dudu kawanuhanku daktiti-priksa.

17Wong dursila dakremuk untune, lan memangsane dakrebut saka ing cangkeme.

18Osikku mangkene: Aku bakal sirna bareng karo susuhku, lan ngakehake dinaku kaya manuk feniks.

19Oyodku tekan ing banyu, lan pang-pangku padha kainepan ebun.

20Aku tansah kadunungan kamulyan kang seger, sarta gandhewaku pulih nom ana ing tanganku.

21Wong padha ngrungokake sapituturku kalawan panganti-anti, padha nampani pituduhku kalawan meneng.

22Sarampunging pituturku, ora ana wong kang calathu maneh, sarta tembung-tembungku padha tumetes marang wong-wong mau.

23Aku diarep-arep kayadene ngenteni tibane udan, tuwin padha ngangapake cangkeme kaya nadhahi udan kiriman.

24Padha daksumehi manawa padha semplah, lan padha ora bisa nyuremake cahyaning raiku.

25Aku kang nemtokake dalane lan dadi pemimpine. Aku lungguh kaya ratu ana ing satengahing rakyat, kayadene wong kang nglipur marang kang padha nandhang susah.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 29 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel