Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 32 >> 

PANEMUNE ELIHU; Elihu rumangsa uga wenang nglairake panemu

1Ing kono wong telu mau banjur nguwisi anggone mangsuli marang Ayub, marga Ayub ngarani bener awake dhewe;

2temah Elihu bin Barakheel, wong Bus, saka darahe Ram, nepsu. Anggone nepsu marang Ayub iku awit nganggep awake dhewe luwih bener katimbang Gusti Allah.

3Mitrane telu-telune uga dinepsoni, awit sanadyan wis ora bisa madoni, ewadene netepake kaluputane Ayub.

4Nanging Elihu nyrantekake anggone arep rembugan karo Ayub; mulane mangkono awit mitra telu mau luwih tuwa tinimbang dheweke.

5Nanging bareng weruh yen tutuke wong telu iku wis ora mangsuli maneh, banjur thukul nepsune.

6Mangkene calathune Elihu bin Barakheel, wong Bus mau: “Aku isih enom, dene kowe wus padha uwanen, mulane aku pakewuh lan wedi nglairake panemuku marang kowe.

7Pangrasaku mangkene: Wong kang wus padha tuwa iku becike padha aweh pitutur, lan kang wus akeh cacahe taune iku padha ngandharake bab kawicaksanan.

8Nanging roh kang ana ing manungsa lan napase Kang Mahakwasa, iku kang paring pangreten.

9Dudu wong kang wus akeh umure kang kadunungan kawicaksanan, dudu wong kang wus tuwa kang ngreti marang kaadilan.

10Mulane rembugku: Rungokna gunemku, aku uga arep nglairake panemuku.

11Sumurupa, aku wus nganti-anti marang calathumu, aku wus nggatekake pamikirmu, nganti kowe padha bisa nemu tembung-tembung kang trep.

12Kalawan titi anggonku ngrungokake calathumu, nanging sanyatane ora ana kang nelakake lupute Ayub, kowe kabeh ora ana kang nglawan katrangan-katrangane.

13Saikine kowe aja padha kandha mangkene: Aku wus padha nemu kawicaksanan; mung Gusti Allah kang kwaos ngalahake Ayub dudu manungsa.

14Tembunge ora tumuju marang aku, lan aku ora bakal mangsuli kalawan migunakake bantahanmu.

15Wong mau padha legeg-legeg ora bisa aweh wangsulan maneh, ora bisa ngucap satembung-tembunga.

16Apa aku isih kudu nganti-anti, marga wong-wong iku wus ora duwe pangucap, marga wus mandheg ora bisa mangsuli maneh?

17Aku uga are aweh wangsulan ing giliranku, aku iya arep nglairake panemuku.

18Awit aku kebak tetembungan, semangat kang ana ing aku ndhesek marang aku.

19Satemene batinku iku kaya anggur kang ora ana dalane hawa, kayadene impes anyar kang arep bedhah.

20Aku kudu calathu supaya lega, aku kudu mbukak lambeku lan aweh wangsulan.

21Aku ora bakal ilon-ilonen lan ora bakal ngalembana sapa-sapa,

22amarga aku ora ngreti bab ngalembana; manawa tumindak mangkono, kang nitahake nyawaku mesthi enggal-enggal njabut nyawaku.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 32 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel