Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Ayub 40 >> 

Ayub ngesorake awake ana ing ngarsaning Allah

1(39-34) Sang Yehuwah tumuli nyambeti, pangandikane marang Ayub:

2(39-35) “Si juru panutuh apa isih arep mabeni marang Kang Mahakwasa? Kang nacad marang Gusti Allah iku supaya mangsulana!”

3(39-36) Ing kono unjuke Ayub marang Sang Yehuwah:

4(39-37) “Saestu, kawula punika asor sanget, kawula badhe ngaturaken wangsulan punapa dhateng Paduka? Cangkem kawula kawula tutupi kalayan tangan.

5(39-38) Sapisan kawula sampun gadhah pangucap, nanging badhe boten kawula lairaken malih; malah kaping kalih, nanging boten badhe kawula lajengaken.”

Ayub katantang dening Gusti Allah

6(40-1) Pangeran Yehuwah banjur ngandika maneh marang Ayub saka ing satengahing prahara, mangkene:

7(40-2) “Mara rumantia dikaya wong lanang; “Sira bakal Sundangu, Ingsun unjukana wangsulan.

8(40-3) Apa sira arep ngorakake pangadilaningSun nyalahake Ingsun supaya bisa mbenerake awakira dhewe?

9(40-4) Apa tanganira kaya astaning Allah, lan apa sira bisa ngetokake swara gumludhug kaya Panjenengane?

10(40-5) Yen mangkono awakira wenehana rerenggan kamulyan lan kaluhuran, sira ngrasuka kaagungan lan prabawa!

11(40-6) Esokna nepsunira kang mulad-mulad; awasna saben wong kang kumlungkung lan sira esorna,

12(40-7) awasna saben wong kang lumuhur-luhur iku lan dhingklukna. Sarta wong duraka padha sira leburna ana ing panggonane!

13(40-8) Pendhemen bebarengan ana ing njero lebu, kunjaranen ana ing papan kang ndhelik,

14(40-9) temah Ingsun bakal ngalembana marang sira, amarga tanganira tengen ngolehake kaunggulan marang sira.”

Rumpakan bab jaran Nil

15(40-10) “Sira nyawanga jaran Nil, kang wus Suntitahake uga kaya sira. Iku mangan suket kaya sapi.

16(40-11) Sira mawanga karosane kang dumunung ana ing lempenge kakuwatane kang ana ing ototing wetenge!

17(40-12) Anggone ngencengake buntute kaya wit eres, otot-ototing pupune bebuletan,

18(40-13) Balung-balunge kaya pipa tembaga, ragangane kaya lantakan wesi.

19(40-14) Iku kang dhisik dhewe katitahake dening Gusti Allah, makhluk kang kaparingan gegaman pedhang;

20(40-15) gunung-gunung padha nuwuhake kang minangka pakane; kewan alasan padha seneng-seneng ana ing kono.

21(40-16) Jaran Nil mau anggone njerum ana ing sangisoring wit trate, ingaling-alingan ing glagah lan rawa.

22(40-17) Tetuwuhan trate padha ngayomi kalawan ayang-ayangane, sarta ingubengan ing wit truntum.

23(40-18) Sanadyan ilining banyu santer banget, kewan mau ora gumeter; sanadyan bengawan Yarden luber nempuh marang cangkeme, atine iya enak-enak bae.

24(40-19) Apa wong bisa nyekel saka ing ngarep lan bisa ngeluhi irunge?”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ayub 40 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel