Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Hosea 10 >> 

Paukuman marga saka anggone padha nyembah brahala

1Israel iku wit anggur kang becik thukule, kang metokake woh, saya akeh pametune, saya akeh anggone gawe misbyah sarta saya becik lemahe, saya endah anggone gawe tugu-tugu brahala.

2Atine lamis, saiki kudu padha nanggung wohing kaluputane, Pangeran bakal ngremuk misbyah-misbyahe, lan mbubrah tugu-tugune brahala.

3Lah saiki padha ngucap: “Kita padha ora duwe ratu, marga kita padha ora ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mangka ratu iku bisa nindakake apa ta tumrap kita?”

4Padha umuk-umukan, padha nglairake sumpah palsu, padha gawe prajanjian, temahan paukuman thukul kaya wit upas ana ing singkalan-singkalaning pategalan.

5Para wong saisine Samaria padha gumeter, ing ngatase pedhete Bet-Awen. Lah rakyate bakal sedhih marga saka iku, sarta para imame padha sesambat, marga wus koncatan kamulyane.

6Pedhete bakal kaboyong menyang Asyur, minangka pisungsung marang Sang Nata “Agung”. Efraim bakal kawirangan, sarta Israel bakal kisinan marga saka rancangane.

7Samaria bakal katumpes, ratune kaya pang kang kumambang ing banyu.

8Tengger-tengger pangurbanan Awen, yaiku dosane Israel, bakal padha kasirnakake. Misbyah-misbyahe bakal padha kathukulan eri lan rerungkudan. Sarta wonge bakal padha nylathoni gunung-gunung: “Aku padha sasabana!”, lan marang tengger-tengger: “Aku padha ebrukana!”

Pangeran Yehuwah kecuwan tumrap Efraim

9He Israel, wiwit jamane Gibea sira wus gawe dosa; ana ing kana padha gumregah nglawan. Ana ing Gibea apa ora bakal ketututan ing perang kang nglawan marang para wong culika?

10Ingsun rawuh prelu nggebagi wong-wong iku, bangsa-bangsa bakal padha nglumpuk nglawan marang wong-wong iku, samangsa padha kasiksa marga saka kaluputane rong prakara.

11Efraim iku biyen pedhet kang wus digladhi lan dhemen nutu, sarta Ingsun remen marang githoke kang apik, Efraim iku Sunrakitake, Yehuda kudu mluku, Yakub kudu nggaru lemah kanggo awake dhewe.

12Sira padha nyebara kang cundhuk karo kaadilan, ngundhuha kanthi katresnan! Mbukaka tanah anyar, marga wus wancine ngupaya marang Sang Yehuwah, nganti panjenengane rawuh sarta maringi kaadilan kang luber marang sira.

13Sira wus padha mluku kadurakan, kaculikan kang sira undhuh, sarta sira wus padha mangan wohing doracara, marga sira wus padha ngendelake ratanira, apadene kehing prawiranira.

14Bakal jumedhul gumuruhing perang ana ing antarane bangsanira, lan sakehe betengira bakal kagempur, kaya Salman anggone nggempur Bet-Arbel ing kalane campuh perang, biyung dalah anak-anake padha diremuk.

15Kaya mangkono iku bakal Suntandukake marang sira, he turune Israel, marga saka bangeting kadursilanira. Ing wayah bangbang wetan ratune Israel bakal katumpes babar pisan.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Hosea 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel