Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Kidung Agung 3 >> 

Kang diimpi-impi penganten putri

1Nuju ing wayah bengi aku nggoleki gantilaning atiku ana ing paturonku. Dakgoleki, nanging ora ketemu.

2Aku arep tangi lan mubeng-mubeng ing kutha ing lurung-lurung lan ing alun-alun Panjenengane dakgoleki, gantilaning atiku iku. Dakgoleki, nanging ora tinemu.

3Aku kepethuk para wong rondha ing kutha. “Punapa sampeyan sumerep ingkang dados gantilaning manah kula?”

4Lagi bae aku padha ungkur-ungkuran karo para wong rondha mau, aku ketemu karo gantilaning atiku; banjur dakcandhak lan ora dakculculake, nganti dakkanthi menyang ing daleme ibuku, ing kamare kang nglairake aku.

5He, para putri ing Yerusalem, kowe padha daksupatani; demi kidang-kidang lan menjangan-menjangan ing ara-ara: Kowe aja padha nggugah lan ngobahake katresnan sadurunge dikarepake.

Arak-arakan penganten

6Lah apa ta iku kang kumelun saka ing ara-ara samun kaya kumebuling kukus kasaput ing wangining mur lan menyan lan uwur wangi warna-warna saka wong dagang?

7Lah iku joli titihane Sang Prabu Suleman, ginarebeg ing prawira sawidak, saka panunggalane para prawira ing Israel.

8Kabeh padha asikep pedhang, lanteh ing perang, kabeh padha nyengkelit pedhang, marga saka pagirising wayah bengi.

9Sang Prabu Suleman wus yasa tandhu kayu ing Libanon.

10Saka-sakane kang ginawe selaka, sendhenane emas, palenggahane warnane wungu, ing jerone rinengga ing kayu areng. He para putri ing Yerusalem,

11para putri ing Sion, padha metua, lan nyawanga marang Sang Prabu Suleman, ngagem makutha, kang diagemake dening kang ibu nalika dina pikramane, ing dina sukarenane galihe.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kidung Agung 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel