Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Mazmur 137 >> 

MASMUR 137; Ing sapinggiring kali-kali ing tanah Babel

1Ana ing pinggir bengawan Babel anggonku padha ndheprok karo nanging, manawa kelingan kutha Sion.

2Clempungku padha dakcanthelake ana ing wit gandarusa ing kono.

3Amarga ana ing kono wong-wong kang padha nawan kita, njaluk supaya aku padha ngrepekake kekidungan, lan wong kang niksa kita iku padha njaluk kidung kabungahan: “Aku padha kidungna kidunge Sion.”

4Kapriye bisaku padha ngrepekake kidunging Yehuwah ana ing nagara ngamanca?

5Manawa aku lali marang kowe, he Yerusalem, garinga tanganku tengen!

6Ilatku kraketa ing cethak, manawa aku ora tetap eling marang kowe, sarta manawa Yerusalem ora dakdadekake musthikaning kabungahanku?

7Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngengeti bani Edom, ingkang ing dinten bilainipun Yerusalem ngucap: “Gempuren, gempuren tekan talese pisan!”

8He putri ing Babel, kang dhemen nganiaya, rahayu wong kang nindakake piwales marang kowe, tumrap pakarti-pakarti kang koktandukake marang aku kabeh!

9Rahayu wong kang padha nyekeli anak-anakmu, banjur padha dibantingi ana ing parang.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Mazmur 137 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel